Page 2 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 5)
P. 2
Mbabar Wawasan
Wacanen sing patitis!
Kunjungan Industri
SD Sukamaju kalebu sekolahan sing maju. Kanggo
nambahi kawruh marang para siswa sekolah duwe ada-
ada nganakake kegiatan kunjungan menyang salah sijine
indhustri pangan sing manggone cedhak sekolahan.
Dina Setu bocah-bocah kelas 6 sida budhal
kunjungan indhustri menyang pabrik tahu “Prasaja”
kagungane pak Brata. Rini lan kanca-kancane seneng
banget atine. Bocah-bocah kepengin ngerti carane gawe
tahu lan kepriye carane masarake.
Ing pabrik tahu “Prasaja” bocah bocah katampa
kanthi becik dening pak Brata, priyayi sing kagungan
pabrik. Sadurunge ndeleng proses panggawene tahu
bocah-bocah diklumpukake ing sawijining ruwangan. Ing
kono bocah-bocah nampa sesorah saka pak Brata. Isine
antara liya tetepungan lan kepriye usaha gawe tahu bisa
sukses.
Kegiatan sabanjure bocah-bocah dijak ndeleng
proses prodhuksi tahu. Bocah-bocah migatekake kanthi
premati, dheweke seneng, amarga oleh kawruh anyar
sing bakal didadekake pengalaman kanggo dina tembe.
Sapa ngerti mbesuk bisa dadi pengusaha sing sukses
kaya pak Brata.
Tantri Basa kelas 6 kaca 80