Page 4 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 5)
P. 4

saged  ningkataken  ekonomi  kulawarga  kula.  Kejawi  menika  kula
                  saged mbikak lapangan kerja kangge tanggi tepalih.
                        Bapak  Ibu  Guru,  Bapak  Kepala  Sekolah  lan  para  siswa,  ing

                  kalodhangan  menika  kula  namung  saged  paring  panjurung  mugi-
                  mugi para siswa mangke sageda gadhah krenteg kangge nindakake
                  wira usaha. Amargi kanthi wira usaha saged ningkataken ekonomi
                  kulawarga.
                        Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa, sepisan
                  malih  kula  ndedonga  mugi  tansah  pinaringan  rahmat  saha
                  barokahing Gusti Allah.
                        Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten lepatipun
                  atur  saha  solah  bawa  ingkang  boten  mranani  penggalih,  kula
                  nyuwun agunging samodra pangaksami.

                  Wassalamualaikum Wr. Wb.



                       Bausastra:
                       rencang          = kanca
                       konjuk           = diaturake
                       awit                = sebab
                       sesorah          = pidhato

                       kawruh            = ilmu
                       kawuningan       = diweruhi
                       lumampah         = lumaku
                  vf
                       paring           = menehi
                       panjurung        = dhorongan
                       krenteg          = pepinginan
                       wasana           = akhire
                       kalepatan        = kesalahan
                       atur              = omong
                       solah bawa      = tingkah laku
                       mranani          = nyenengake
                       agunging samodra pangaksami    = gedhene pangapura




                  Tantri Basa kelas 6                                              kaca 82
   1   2   3   4   5   6   7   8   9