Page 6 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 5)
P. 6
Basa sing dianggo ya ana bedane. Delengen tabel ngisor iki!
Basa ing Pidhato Resmi Basa ing Pidhato ora Resmi
1. Digunakake ing kahanan 1. Digunakake ing kahanan
resmi. ora resmi.
2. Intonasi dhatar. 2. Intonasi swara munggah-
mudhun.
3. Ukarane ukara jangkep. 3. Kerep nganggo ukara ora
jangkep.
4. Migunakake tembung baku. 4. Tembunge ora baku.
Ukara ing ngisor iki aranana endi sing kalebu ukara jangkep utawa
ukara ora jangkep sarana menehi tandha centhang (√)!
No. Ukara Jangkep Ora
jangkep
1 Pak Brata ngedegake pabrik tahu.
2 Bakso!
3 Ping loro!
4 Para warga rawuh sedaya.
5 Dhek wingi Rini tuku buku.
Gladhen 3: Struktur Teks Pidhato
Bocah-bocah, sepisan maneh wacanen teks pidhato ing dhuwur!
Supaya luwih gampang mangerteni teks pidhato ayo nyinaoni
struktur teks pidhato. Struktur teks pidhato kaya kagambarake ing
bagan ngisor iki:
Teks Pidhato
Pambuka Isi Panutup
Tantri Basa kelas 6 kaca 84