Page 8 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 5)
P. 8
Pasinaon 2
Makarya Bebarengan
Ing pasinaon 1 wis dirembug kanthi cetha babagan teks
pidhato. Bocah-bocah mesthi wis mangerteni kepriye wujude teks
pidhato. Supaya luwih cetha lan wasis bab teks pidhato ing
pasinaon iki bocah-bocah dijak sinau bebarengan karo kanca-
kancane nyusun teks pidhato. Sadurunge gladhen nyusun teks
pidhato, ayo bebarengan nyemak tuladha teks pidhato ngisor iki!
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak-bapak, Ibu-ibu warga dhusun Sukamaju ingkang dahat
kinurmatan, para kanca anggota Karang Taruna ingkang kula
tresnani.
Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha
Agung, jalaran kita tansah pinaringan rahmad, taufik, saha
hidayahipun saengga kita saged pepanggihan ing kawontenan
sehat walafiat lan rahayu wilujeng.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, para kanca Karang Taruna ingkang
kinurmat, bombong raosing manah kula dene ing adicara rapat
koordinasi kangge nyiapaken kegiatan pameran Usaha Kecil
Menengah (UKM) menika panjenengan saged rawuh sedaya. Mugi-
mugi menapa ingkang kita rancang sesarengan mlampah kanthi
lancar.
Bapak-bapak, Ibu-ibu saha para kanca anggota Karang
Taruna, ancas tujuan pepanggihan menika kangge ngrancang
adicara pameran. Mangga sesarengan kita ngrancang jadwalipun.
Lajeng prodhuk unggulan menapa ingkang badhe dipunpameraken.
Ingkang baku prodhuk unggulan kedah ingkang dados ciri khas
dhusun Sukamaju mriki. Mangga sabibaripun kula matur, kita
ngempal manut seksi-seksi ingkang sampun kasusun. Minangka
ketua panitia kula gadhah pangajab adicara ing enjing menika
ngasilaken keputusan ingkang sae.
Tantri Basa kelas 6 kaca 86