Page 3 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 5)
P. 3

Pasinaon 1
                                          Modhel Teks Pinilih



                        Bocah-bocah,  ing  pasinaon  iki  kowe  kabeh  bakal  dijak
                  nyinaoni  babagan  sesorah.  Sesorah  tegese  padha  karo  pidhato
                  utawa pamedhar sabda.  Kanggo sesorah/ pidhato/ medhar sabda

                  perlu  disiapake  naskah  luwih  dhisik,  supaya  nalika  sesorah/
                  pidhato/ medhar sabda bisa rancag lan ora nglantur.

                  Ayo saiki bebarengan nyemak tuladha teks pidhato ngisor iki!

                  Assalamualaikum  Wr. Wb.
                        Nuwun Bapak Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu
                  undhangan, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati,
                  para  siswa  tuwin  rencang-rencang  ingkang  kula  tresnani.
                  Puji  syukur  konjuk  wonten  ing  ngarsanipun  Gusti  Allah  ingkang

                  Maha  Asih,  awit  ing  wekdal  menika  kita  sedaya  taksih  pinaringan
                  rahmat  saengga  ing  wekdal  menika  kita  saged  makempal  kanthi
                  pinaringan karahayon.
                        Kula  remen  sanget  dene  ing  kalodhangan  menika  kula
                  minangka  wali  siswa  dipunparingi  wekdal  kangge  sesorah  ing
                  sekolahan  mriki.  Atur  panuwun  ingkang  tanpa  upami  dhumateng
                  Bapak  Ibu  Guru  saha  Bapak  Kepala  Sekolah  ingkang  sampun
                  maringi wekdal tumrap kula kangge nularaken kawruh ing babagan
                  usaha damel rengginang tengiri.
                        Bapak  Ibu  Guru,  Bapak  Kepala  Sekolah  ingkang  kinurmat,
                  para  siswa  ingkang  kula  tresnani,  perlu  kawuningan  bilih  anggen
                  kula  nindakaken  usaha  rengginang  tengiri  menika  sampun
                  lumampah 17 taun. Nanging usaha kula menika mboten langsung
                  lancar  lan  maju  kados  samenika.  Kathah  pepalang  ingkang  kula

                  adhepi. Kanthi bandha tekad, ulet, lan semangat ingkang makantar-
                  kantar  sekedhik  mbaka  sekedhik  usaha  kula  saged  lancar.
                  Samenika  rengginang  tengiri  prodhuk  kula  sampun  dados  jujugan
                  tiyang  damel  oleh-oleh  khas  saking  dhaerah  mriki.  Bab  menika

                  kaca 81                                                  Tantri Basa kelas 6
   1   2   3   4   5   6   7   8