Page 24 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 24

Sawise Citrasoma tekan ing Kraton Pengging, dheweke banjur ngendika marang sang Rama,

        yen kabeh sing dirungu iku bener, ana ing pereng  wetan Gunung Merbabu iku ana wiku kang

        sakti, wicaksana, luhur budine. Pangeran Citrasoma uga matur marang ramane yen wiku mau

        nduwe anak prawan ayu kang ditresnani lan dheweke kepengen omah-omah karo anake sang wiku

        mau.


              Prabu  Kusuma  Wicitra  uga  sarujuk  lan  menehi  restu  marang  lelorone.  Prabu  Kusuma

                                                          Wicitra  banjur paring dhawuh marang Citrasoma


                                                          supaya  tapa  ana  ing  lereng  Gunung  Merbabu

                                                          patang puluh dina patang puluh wengi uga nyuwun

                                                          tulung  dhateng  raja  jin  ing  ing  kono  kang

                                                          asmanipun  Prabu  Karawu.  sawise  oleh  piweling

                                                          saka  sang  rama  Pangeran  Citrasoma  banjur

                                                          budhal  netepi  pangandikanipun  Wiku.  Patang

                                                          puluh dina patang puluh bengi kliwat karo macem-


                                                          macem  godaan  lan  pungkasane  raja  jin,  yaiku

                                                          Prabu  Karawu,  teka  lan  nyarujuki  panyuwune

        Pangeran kanggo nggawe mata air sing dijaluk dening Wiku.


              Sawise Pirang-pirang dina banjur katon tuk ing sacedhake padepokan Pangeran Citrasoma,

        rasa seneng banget weruh bab iku dheweke banjur mudhun menyang padepokan ngaturake kabar

        marang Syeh Maulana Malik Ibrahim Maghribi. Sawise krungu crita mau, Syekh Maulana Malik


        Ibrahim  Maghribi  lan  Sang  Wiku  enggal-enggal  rawuh  ana  ing  sendhang-sendang  lan  padha

        padha sungkem atur panuwun marang Sang Hyang Tunggal. Kedadean sing aneh sawise dideleng

        banyu sing metu saka sumber tuk iku ora lurus nanging mlengkung kaya keris pendok, pungkasane

        Syekh Maulana Malik Ibrahim Maghribi ngendika yen sumber kasebut diarani Tuk Sipendok.

        Banjur Citrasoma mboyong Nawangsih menyang kerajaan Pengging.











        23 | S M P   K E L A S   V I I
   19   20   21   22   23   24   25   26   27   28   29