Page 19 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 19
Joko Bandung langsung munggah lan lungguh tapa ing watu. Ora let suwe, angin banter teka
saka kabeh arah, pang-pang wit-witan padha obah, godhong-godhongan tiba. Banyu kali
gemrujug, kaya dumadakan ana banjir. Kabeh mau malih dadi raja jin kang nguwasani hawa,
banyu, kayu, watu, bumi, lan geni.
Dheweke ndhawuhi saben raja jin apa sing
kudu ditindakake. Saben jin wis siyap-siyap
nyambut gawe nganti jago kluruk.Sawise menehi
dhawuh, kaya-kaya ana ewonan manungsa gedhe ing
papan kono.
Tengah wengi ing omahe Ki Wiro, Kunti katon
ora tenang. Mripate ora gelem nutup babar pisan.
Bengi iki ora ngantuk. Ki Wiro sing tansah
nggatekake polahe Kunti, bisa ngerti apa kang ana
ing sajroning atine. Kadhang-kadhang Ki Wiro mesem dhewe karo polahe putrine.
Ora let suwi krungu jago kluruk, langit sisih wetan abang srengenge esuk sing arep
madhangi bumi. Ki Wiro lan Kunti wis ora sabar ngenteni dina. Esuk-esuk padha arep enggal-
enggal metu saka omah. Nalika mbukak lawang, Joko Bandung wis ngadeg ing plataran. Praupane
sumringah, lan mesem. Kunti lan Ki Wiro lega weruh kahanan iku amarga mesthi wae Joko
Bandung kasil anggone gawe sumber kang cacahe 7, jumbuh karo syarat saka Kunti
Dumadakan para warga katon grudukan mlayu-mlayu ana ing dalan. Saka praupane katon
kaget, gumun lan seneng. Dalan sacedhake omahe Ki Wiro sing biasane sepi, saiki wis rame karo
wong-wong sing padha bola-bali menyang kali. Ki Wiro lan Joko Bandung seneng ndeleng kahanan
iku. Joko Bandung mesem bangga lan lega, banjur omah-omah lan manggon ing kraton. Dene
sendhang pitu mau dijenengi Sendang Cabean Kunti.
18 | S M P K E L A S V I I