Page 15 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 15

A. Nyemak Crita Rakyat



        Semaken crita ing ngisor iki kanthi premati!








                                      Dumadine Cabean Kunti


              Sawijing jaman ana kraton kang mapan  ing  sisih wetan Gunung Merapi  arane  Pengging.

        Pengging iku daerahe subur lan masyarakate urip kanthi tentrem. Banyu bening lan deres kang

        mili nggawe tetanèn lan ingon-ingon kewan ing dhaerah kono dadi maju banget. Hawa gunung

                                                                kang isih  resik  anggawe  katon  kamakmuran

                                                                ing daerah kono.

                                                                     Semono uga karo salah sawijining tlatah


                                                                ing lereng Gunung Merapi, yaiku ing Cepogo.

                                                                Cepogo sing mapan ing lereng gunung Merapi

                                                                iki hawane adhem, ayem, alas wit-witan sing

                                                                rikat,  ndadekake  papan  iki  narik  kawigaten

                                                                kanggo  ditekani,  utamane  kanggo  mburu.

                                                                Kaendahane papan iku bisa narik kawigatene

        salah sawijining pawongan kang jenenge Joko Bandung.


              Joko Bandung seneng banget mburu kewan. Anggone mburu kewan wasis banget, lan mesti


        oleh akeh. Asil saka mburu, asring  diparingake marang masyarakat sing manggon ing sakiwa

        tengene  alas.  Nanging,  saka  kabeh  katrampilan  mburu,  Joko  Bandung  paling  seneng  mburu

        manuk.










        14 | S M P   K E L A S   V I I
   10   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20