Page 16 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 16

Ing sawijining dina, nalika Joko Bandung mburu, dheweke weruh manuk sing endah banget

        mabur ing sadhuwur sirahe. Manuk sing wulune werna-werna iku banjur mabur mudhun, mula

        Joko Bandung bisa ngrasakake endahing wulune manuk kasebut kanthi cetha.


              Dheweke  mung  ngetutake  menyang  ngendi  wae  manuk  iku  mabur.  Ora  sadhar,  Joko

        Bandung wis metu desa kanggo nututi manuk nganti tekan Desa Cabean. Manuk sing diburu Joko


        Bandung mau lagi mencok ing pang paling dhuwur saka wit randu alas.


                                                                 Ora adoh saka wit iku ana omahe Ki Wiro,

                                                            wong  tuwa  ing  desa  kono.  Dheweke  ngerti,

                                                            amarga wis bola-bali liwat omah iku, nanging ora

                                                            tau mandheg lan ketemu karo Ki Wiro. Wektu iki

                                                            Joko  Bandung  kepengin  mampir  ing  omahe  Ki

                                                            Wiro, amarga saka omahe Ki Wiro Joko Bandung

                                                            bisa gampang nonton manuke.


                                                                 Joko Bandung banjur mampir ing omahe Ki


                                                            Wiro,  dheweke  ditampa  dening  Ki  Wiro  lan

                                                            garwane.  Ki  Wiro  nyawang  Joko  Bandung  saka

                                                            sirah  nganti  sikil.  Joko  Bandung  banjur

        ngandharake kenangapa dheweke mampir ing omahe Ki Wiro yaiku kepingin nginep, dheweke

        kapingin mburu manuk kang endah banget wernane, lan manuk iku mau mencok ana ing nduwur

        wit kapuk kang ana ing ngarep omahe Ki Wiro.























        15 | S M P   K E L A S   V I I
   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20   21