Page 21 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 21
Jinise Teks Crita Rakyat
Prelu dimangerteni, jinise crita rakyat iku werna-werna, kaya ing ngisor iki.
1. Legendha
Legenda yaiku crita rakyat kang nyritakake manungsa kang nduweni kasekten utawa
kaluwihan lan umume gegayutan karo dumadine papan panggonan.
2. Fabel
Fabel iku biasane uga diarane crita kewan. Fabel utawa crita kewan yaiku crita kang
paragane arupa kewan kang bisa maraga kaya manungsa. Kewan-kewan ing crita fabel bisa
mangan, turu, ngombe lan ngomong kaya dene manungsa.
3. Mite
Mite yaiku crita rakyat kang ana gegayutane karo alaming lelembut utawa alam ghaib.
Crita mite iku sumbere ora cetha, ora dimangerteni sapa kang ngarang. Saiki crita mite
iku isih dipercaya dening masyarakat.
4. Sage
Sage iku nyritakake bab kepahlawanan salah sijine paraga utawa tokoh kang kaanggep
apik, lan patut ditiru dening masyarakat.
20 | S M P K E L A S V I I