Page 18 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 18

Joko Bandung kepengin enggal-enggal ngandharake apa kang dirasakake marang Ki Wiro.

        Ananging luwih dhisik dheweke matur yen sejatine dheweke iku putrane Prabu Pengging kang

        lagi nindakake tapa ngrame. Dheweke kepingin nggarwa Kunti. Kunti kaget banget. Dheweke

        kaya disamber bledheg nalika krungu maksude Joko Bandung.


              Kabeh wis mangerteni yen Joko Bandung iku joko sing gagah lan nggantheng, uga duweni

        kharisma lan kawibawan. Iku uga bisa dirasakake dening Kunti. Dene dheweke mung bocah desa,

                                                              lan  urip  ing  mangsa  ngarep  sing  ora  bisa


                                                              dibayangake sanajan ing uripe. Kunti sansaya

                                                              bingung.  Dheweke  mung  bisa  nangis  ing

                                                              kamare. Swasana sing sepi ndadèkaké suwara

                                                              tangisé  keprungu  ing  kupingé  Joko  Bandung

                                                              lan Ki Wiro. Joko Bandung sansaya bingung lan

                                                              wedi marang Ki Wiro, nanging Ki Wiro katon

                                                              ayem.



                                                                    Sawijining dina Kunti matur menyang Ki

                                                              Wiro menawa dheweke gelem dijodohake karo

                                                              Bandung  kanthi  syarat  Bandung  kudu  gawe

        sumur cacahe pitu kang ora bisa asat sawayah-wayah ing desa iku, supaya masyarakat bisa luwih

        gampang anggone ngombe, masak, lan liya-liyane.


              Mangerteni syarat kang dijaluk Kunti, Joko Bandung dadi bingung. Panjaluke Kunti pancen

        angel  diwujudake,  nanging  amarga  rasa  tresnane.  Sumber  pitu  kudu  rampung  bengi  iku.


        Pungkasane dheweke nekad nggawe 7 sumber bengi iku. Ora preduli ing wayah wengi, kanthi

        nganggo tangane dhewe dheweke ndhudhuk lemah. Kringet mili dleweran ing awak, nanging ing

        kono ora nemokake sumber banyu.













        17 | S M P   K E L A S   V I I
   13   14   15   16   17   18   19   20   21   22   23