Page 22 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 22
Kegiyatan 2
Ayo saiki wacanen teks crita rakyat ing ngisor iki!
Pantaran
Sawijining tlatah ing lereng Gunung Merbabu ing sisih wetan ana dharatan kang hawane
adhem. Lemah kang subur banget ndadekake tanduran nganti nutupi lereng gunung gawe tambah
endahing sesawangan alam.
Ana ing papan iku ana wiku kang kondhang
sekti, wicaksana, luhur budi pekertine, saben-
saben paring pitulungan marang wong-wong kang
kesusahan lan paring tuntunan masyarakat
supaya bisa rukun lan tentrem. Wiku mau duweni
anak kang arane Nawangsih.
Suwe-suwe Wiku iku tansaya misuwur ing
saindenging dhaerah, nganti keprungu ing Kraton
Pengging, Sang Prabu Kusumawicitra duweni
niyat kanggo mbuktekake kasunyatane crita. Banjur Sang Prabu Kusumawicitra nimbali
putrane,yaiku Citrasoma. Sang rama dhawuh supaya Citrasoma menyang lereng wetan gunung
Merbabu kanggo nemoni Sang Wiku, lan yen pancen Wiku ana, Citrasoma kudu sinau karo wiku
mau. Sawise nyuwun restu marang kang rama, Citrasoma banjur tindak dikancani abdine cacah
loro. Kanthi niyat bekti marang sang rama, Citrasoma karo abdine kang cacah loro mau, nglewati
lembah lan lereng kanggo nggoleki Wiku iku.
21 | S M P K E L A S V I I