Page 48 - MODUL 1
P. 48

Saliyane iku pejuwang biyen iku ora mikir apa kang dipangan nanging
                               kepiye bisane Indonesia iku mardika.

                         2.   Klepon
                                       Klepon yaiku panganan sing misuwur ing tanah Jawa, kang digawé
                               saka  glepung  beras  ketan  lan  diisi  gula  Jawa. Klepon  biasané  mung  ana
                               rong  werna  yaiku  ijo  lan  putih.  Klepon  iku  wanguné  bunder  lan  anggoné
                               mangan nganggo wur utawa klapa kang diparut. Klepon uga kalebu jajanan
                               pasar.
                                       Ing Sumatra lan ing Malaysia, klepon disebut "ondhé-ondhé", déné
                               sebutan iki ing tanah Jawa lan pérangan liya ing Indonésia arupa panganan
                               sing  béda  yaiku  panganan  awangun  bunder  uga  kagawé  saka  glepung
                               beras isi adonan kacang ijo lan kulité diwuwuri wijèn. Prabédan panyebutan
                               antara  ing  Jawa  lan  Sumatra-Malaysia  iki  kerep  dadi  panyebab  salah
                               paham. Klepon biasa didol bebarengan karo gethuk lan cenil (uga disebut
                               cetil) minangka jajanan ing wayah ésuk utawa soré. Werna klepon biasané
                               putih utawa ijo gumantung seléra. Klepon kanthi werna ijo, perlu tambahan
                               bahan pewarna alami saka godhong suji utawa godhong pandhan.














                         3.   Lunpia
                                       Lunpia, jajanan kang isine oseng-oseng rebung enom, endok, lan
                               urang.  Penganan  iki  yaiku  jajanan  kanga  sale  saka  tradisi  keturunan
                               Tiongkok, jare, penganan iki awale digawa mlebu ning kota semarang taun
                               1930  karo  wong  enom  Tiongkok  sing  jenenge  Jwan  Dayu.  Lunpia  sing
                               paling  terkenal  ing  semarang  yaiku  Lunpia  Gang  Lombok  utawa  Warung
                               Siem.  Ana  rong  jenis  lunpia  sing  biasa  awake  dhewe  pesen  ning  kene
                               yaiku:  lunpia  teles  (lunpia  basah)  lan  lunpia  garing  (lunpia  kering/  lunpia
                               sing  wis  digoreng).  Lunpia  disajikake  karo  saos  sing  diawuri  cacahan
                               bawang putih, Lombok rawit, lan bawang enom.

















                             48        BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   43   44   45   46   47   48   49   50   51   52   53