Page 45 - MODUL 1
P. 45

madu, temulawak, kacang ijo, iwak laut, iwak darat, lan sapiturute. Amarga seliyane
                    khasiat kang kakandhut ing panganan tradhisional Indonesia, ana segi positip liyane
                    yakuwi: bahan-bahan kang alami, gizine akeh, sehat lan aman, murah, lan gampang
                    ditemokake  jumbuh  karo  selera  masarakat.  Saengga,  duweni  potensi  kanggo  dadi
                    panganan tradhisional.

                IV.  TEKS DESKRIPSI PANGANAN TRADHISIONAL JAWA
                     A.  Kuliner khas Cilacap
                         1.   Mendoan

                                       Mendoan  yaiku  panganan  kang  digawe  saka  tempe  sing  dilapisi
                               adonan tepung terigu utawa gandum banjur digoreng. Tempe mendoan iki
                               beda karo tempe Mendoan ing dhaerah liyane, amarga nduweni cita rasa
                               kang khas. Jeneng mendoan asale saka tembung “mendho”, kang tegese
                               “setengah  mateng”  utawa  “durung  atos”.  Jumbuh  karo  jenenge,  tempe
                               mendoan  iki  nduweni  ciri  khas  tekstur  kang  lemes  utawa  lembek  amarga
                               digoreng  setengah  mateng.  Beda  karo  tempe  ing  dhaerah  liyane  kang
                               akeh-akehe  digoreng  nganti  garing.  Kejaba  iku,  ciri  khas  saka  tempe
                               mendoan iki yakuwi minyake sing nggawe tempe ketok klimis.
                                       Cara nggawe mendoan yakuwi, tempe dilebokake marang adonan
                               tepung  terigu  utawa  gandum  sing  wis  dibumboni.  Sawise,  digoreng  ing
                               wajan  isi  minyak  sing  wis  panas.  Nggoreng  mendoan  ora  butuh  wektu
                               suwe,  mung  nganti  setengah  mateng  ora  nganti  garing.  Saengga
                               nggorenge  kudu  cepet  diangkat  saka  waja  amarga  minyak  sing  kanggo
                               nggoreng wis panas. Kajaba iku, minyak sing kanggo nggoreng mendoan
                               iki  kudu  akeh  supaya  tempe  mendoane  bisa  mateng  mrata.  Tempe
                               mendoan  biasane  disajikake  nalika  tempe  isih  anget,  amarga  yen  wis
                               adhem  rasane  bakal  beda.  Kanggo  ndhahar  tempe  mendoan  iki,  bisa
                               ditambah lombok rawit utawane sambel kecap.

                         2.   Krupuk Iwak Tengiri

                                       Krupuk  iwak  tengiri  yaiku  salah  sawijiing  jinis  krupuk  kang  bahan
                               dhasare iwak tengiri sing dicampur karo bahan liyane saengga ndadekake
                               rasa  gurih  lan  enak.  Krupuk  iwak  tengiri  dadi  karemenane  akeh  wong
                               amarga bisa didadekake lawuh uga bisa dadi cemilan. Krupuk iwak tengiri
                               iki uga menehi manfaat kanggo manungsa amarga kandungan gizine sing
                               apik kanggo kasarasan yakuwi kandungan omega 3 sing nduweni manfaat
                               kanggo njaga daya tahan tubuh, mbiyantu kerja jantung, mudunake tekanan
                               darah tinggi, mbiyantu kinerja otak, lsp.
                                       Ing  Cilacap,  akeh  produksi  iwak  tengiri  amarga  dhaerah  Cilacap
                               sing  cerak  laut.  Saengga  gampang  anggone  golek  iwak  tengiri.  Biasane,
                               asil laut kuwi ngandhut gizi sing akeh. Nanging, amarga ambune sing amis
                               arang wong sing gelem ngolah asil laut kanthi cara biasa. Pramila, digawe
                               krupuk iwak tengiri supaya ambu amise ilang.



                                                                                          45
                               BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   40   41   42   43   44   45   46   47   48   49   50