Page 41 - MODUL 1
P. 41
a. makutha raja
b. cawat bang bintulu (abrit, ireng, kuning, putih)
c. pupuk mas jaroting asem
d. gelang candra kirana
e. kuku Pancanaka
19. Gajahseno kang bisa mecah bungkus iku wujude gajah. Dasanamane gajah yaiku
….
a. sardula, sima, wanara d. taksaka, sawer, naga
b. maesa, lembu, menda e. turangga, kuda
c. liman, hesthi
20. Purnaning crita, Bratasena ketemu wong tuwane yaiku Prabu Pandhudewanata lan
Ibu Kunthitalibrata sarta Raden Permadi. Suka parisuka unjuk syukur mring Gusti
kang Murbeng Jagat.
Nile kang kamot ing pethilan crita wayang kasebut yaiku ......
a. agama d. kaluarga
b. bela nagara e. kamanungsan
c. kadonyan
21. Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara, pambiwara,
pranata adicara, pranata titi laksana, panata adicara, paniti laksana utawa
pranata laksitaning adicara, utawa panatacara. Pranatacara yaiku …..
a. Paraga kang duwe jejibahan nata lan nglantarake acara utawa adicara
b. Paraga kang duwe jejibahan maca donga
c. Paraga kang duwe gawe acara utawa adicara pahargyan mantu
d. Paraga kang duwe jejibahan ngaturake tanggap wacana
e. Paraga kang duwe jejibahan nampa lan ngaturi lenggah para tamu
.
22. Kang ora dadi syarate yen kepengin dadi pranatacara yaiku …….
a. olah swara d. kadigdayan lan kasekten
b. wiraga lan busana e. pawiyatan lan katewajuhan
c. basa lan sastra
23. Ajining dhiri ana kedaling lathi, ajining raga ana ing busana, ajining awak saka
tumindak. Ing ngisor iki wujud wiraga lan busana (penampilan) pranatacara
Malaksana …..
a. Yaiku awak, pasuryan, cara dandan lan busanane, jumbuh, pantes, wajar ora
digawe-gawe
b. Yaiku carane mlangkah utawa mlaku katon kewes lan luwes, ora ragu-ragu.
c. Yaiku ngadeg jejeg kanthi kapitayan (percaya diri) lan ora dhoyong.
d. Yaiku mantep, anteng, ora gemeter, panyawange tajem marang pamirsa.
e. Yaiku terampil, lancar, ora kalonen, uga ora kecepeten.
24. Pranatacara kuwi yen ngucapake ukara lan tembunge kudu cetha (jelas). Yen nganti
salah ucap bakal ngurangi kawibawane pranatacara. Iki kalebu olah swara babagan
….
a. Logat (Aksentuasi/accentuation)
b. Pocapan (Artikulasi/articulation).
41
BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap