Page 39 - MODUL 1
P. 39
a. 7 November 2003 d. 7 November 2006
b. 7 November 2004 e. 7 November 2007
c. 7 November 2005
13. Carane gawe ringkesan/sinopsis crita wayang yaiku … kajaba :
a. maca naskah crita wayang nganti rampung
b. nulis pokok crita utawa intine crita
c. dhialog ditulis intine wae nanging ora nyebal saka alur critane
d. ngronce pokok cerita dadi paragraf
e. aweh tanggapan marang isine crita
14. Unsur pambangun crita wayang yaiku …..kajaba
a. tema, alur, penokohan d. amanat, ragam basa
b. kahanane pangripta e. nile-nile
c. latar, konflik
15. Crita wayang ing tanah Jawa sumbere saka Mahabharata lan Ramayana. Wujude
crita ana sing pakem lan ana sing carangan (gubahan). Paraga kang ora kalebu ing
crita Mahabharata yaiku ….
a. Pandhawa d. Prabu Kresna lan Prabu Duryudana
b. Kurawa e. Prabu Rama lan Dewi Sinta
c. Bathara Guru
Crita wayang kanggo pitakonan nomer 16 – 20
BIMA BUNGKUS
Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandhu lan Dewi Kunhti jalaran lahire
ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumama kanggo
mbedhah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan
amung lelamisan, bakune arsa nyirnaake si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus
den bucal ing alas Krendawahana.
Ing pertapan Wukir Retawu Begawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi
kang kadherekaken repat punakawan.
“Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis
warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken
dhuhkitaning Kanjeng Ibu Kunthi…”
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa
kang dadi lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni
karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh
apa kang sinebut wahyu jati…”
Ing Suralaya, Bathara Guru nimbali Gajahsena, putra sang bathara kang
awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang
Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si
bungkus.
39
BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap