Page 40 - MODUL 1
P. 40

Purna  anggennya  peparing  ajaran  marang  si  bungkus,  Dewi  Umayi  aparing
                      busana  arupa  cawat  bang  bintulu  (abrit,  ireng,  kuning,  putih),  pupuk,  sumping,
                      gelang, porong, lan kuku Pancanaka.
                            Salajengipun,  Gajahsena  mbuka  bungkus.  Pecahing  bungkus  dados
                      sapatemon  kekalihipun,  kagyat  dados  lan  perangipun.  Binanting  sang  Gajahsena.
                      Sirna  jasad  sang  gajah.  Roh  lan  daya  kekiyatanipun  manjing  jroning  angga  sang
                      bungkus.

                            Praptane Bethara Narada.
                            Si  Bungkus  takon  marang  Sang  Kabayan  dewa,  “Heemmm,  aku  iki  sapa?”
                            “Perkencong, perkencong waru dhoyong, ngger, sira kuwi sejatine putra
                      kapindho  ratu  ing  Amarta  Prabu  Pandudewanata.  Sira  lahir  awujud  bungkus,  lan
                      kersaning  dewa  sira  kudu  dadi  satriya  utama…,  lan  sira  tak  paringi  tetenger
                      Bratasena ya nggeeer…”

                            Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang
                      Bratasena  kinen  nyirnakaken  raja  raseksa  aran  Kala  Dahana,  Patih  Kala  Bantala,
                      Kala Maruta lan Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekawan kekiatan saking raseksa
                      wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan geni, lemah, angin lan
                      banyu.
                            Purnaning    crita,   Bratasena   ketemu    wong    tuwane     yaiku   Prabu
                      Pandhudewanata lan Ibu Kunthitalibrata sarta Raden Permadi. Suka parisuka unjuk
                      syukur mring Gusti kang Murbeng Jagat.

                16.  Paraga utama crita wayang ing dhuwur yaiku …..
                      a.  Bathara Guru                             d. Prabu Pandhudewanata
                      b.  Raden Permadi                            e. Raden Nakula lan Sadewa
                      c.  Raden Bratasena
                17.  Urutan (struktur) crita wayang ing ndhuwur perangan konflik /klimaks yaiku …..
                      a.  Duhkitaning  Prabu  Pandhu  lan  Dewi  Kunhti  jalaran  lahire  ponang  jabang  bayi
                          kang awujud bungkus.
                      b.  Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan,
                          bakune arsa nyirnaake si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing
                          alas Krendawahana
                      c.  Ing pertapan Wukir Retawu Begawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang
                          kadherekaken repat punakawan
                      d.  Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon
                          kekalihipun,  kagyat  dados  lan  perangipun.  Binanting  sang  Gajahsena.  Sirna
                          jasad  sang  gajah.  Roh  lan  daya  kekiyatanipun  manjing  jroning  angga  sang
                          bungkus.
                      e.  Purnaning crita, Bratasena ketemu wong tuwane yaiku Prabu Pandhudewanata
                          lan Ibu Kunthitalibrata sarta Raden Permadi. Suka parisuka unjuk syukur mring
                          Gusti kang Murbeng Jagat

                18.  Purna peparing ajaran kautaman marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana,
                      busana kang diparingake yaiku .................... , kajaba?



                             40        BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   35   36   37   38   39   40   41   42   43   44   45