Page 42 - MODUL 1
P. 42
c. Prana (Nafas /breath)
d. Intonasi (intonation
e. Kajiwan (empati)
25. Strukktur utawa urutane teks pranatacara kang ngandharake salam pambuka, puji
syukur lan sapa aruh (sapaan) kuwi manggon ing perangan ….
a. Pambuka d. Surasa
b. Panutup e. Kadaluwarsa
c. Paniti laksana
26. Teks pranatacara kang ngandharake yen adicara wis paripurna yaiku ….
a. Kawula nuwun, Ingkang satuhu kinurmatan Bapak Kepala Dinas Pendidikan,
Pemuda dan Olahraga Kab. Cilacap,
b. Mekaten menggah lampahing adicara Purna Wiyata Adisajana SMA Harapan
Bangsa sampun paripurna kanthi rancag, rahayu widodo nir ing sambekala.
c. Kangge acara salajengipun nun inggih pasugatan beksan Jalungmas ingkang
badhe kaaturaken dening sedherek Annisa, Feri Santika, Vitri Agus Syauqi lan
Gifty Ilmi Narozah.
d. Saderengingun kapurwakan lampahing tata adicara Purna Wiyata Adisajana,
langkung rumiyin badhe kawula aturaken menggah reroncening adicara ingkang
sampun sinanggit.
e. Langkung rumiyin sumangga sesarengan kula dherekaken manungku puja
hastawa puji hastuti ngaturaken syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah
Ta’ala.
27. Tembung-tembung yogyaswara ing ngisor kang bener yaiku …..
a. dewa-dewi, hapsara-hapsari, bathara-bathari, raseksa-raseksi
b. Suprapta-Suprapti, Karno-Karni, Darno-Darni
c. bola-bali, wara-wiri, kaki-nini, mrika-mriki
d. bapak-ibu, cakra-cikri, Gendroyono-Gendroyani
e. clala-clili, pethitha-pethithi
28. Ing ngisor iki ukara kang nggunakake tembung entar lan tembung salah kaprah,
kejaba…
a. Sumartiyem sakala abang raine bareng ngerti yen adhine pancen dawa tangane
b. Ibu lagi nguleg sambel go lawuh madhang, anake wadon sing kon adang sega
c. Kahono dadi guyon batir-batire amarga abang kupinge kenang cet sing urung
garing
d. Dhasar wong ala kandhutane, bengi-bengi ya negori gedhang
e. Dadi bocah aja lunyu ilate, mengko ora dipercaya nang wong liya
29. Tanggane padha merek kabeh nambahi swasanane rame kaya ana celeng daden.
Ukara iki nggunaake ....
a. Pepindhan d. Paribasan
b. Parikan e. Bebasan
c. Saloka
30. Prabu Baladewa duka yayah sinipi. Majeng ing palagan. Pangamuke kaya .....
a. penganten dijejerake d. banyu karo lenga
42 BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap