Page 46 - MODUL 1
P. 46

Bahan-bahan kanggo gawe iwak tengiri yakuwi iwak tengiri sing wis
                               dialusake,  tepung  sagu,  endog,  gula  pasir,  uyah,  soda  kue,  banyu,  lan
                               bumbu-bumbu.  Cara  nggawene  sepisan  bumbu-bumbu  kayata  bawang,
                               uyah,  gula,  diudhak  bareng  endog.  Sawise  kecampur  rata,  dilebokake
                               tepung sethithik mbaka sethithik nganti mbentuk adonan. Adonan sing wis
                               dadi banjur digiling supaya bentuke dawa, terus diiris cilik-cilik kurang luwih
                               2 cm. Adonan sing wis diiris banjur digoreng nganti warnane pas. Krupuk
                               sing wis mateng, diangkat banjur ditirisake lan siap dilebokake wadah.

                         3.   Kripik Sukun

                                       Kripik sukun mujudake panganan khas tradhisional Cilacap amarga
                               sukun asring ditemokake ing dhaerah Cilacap. Kanggon manfangatake who
                               sukun, masarakat ngolah sukun dadi maneka warna jinis panganan, salah
                               sijine  yakuwi  kripik  sukun.  Cara  nggawe  kripik  sukun  gampang  banget.
                               Sepisan,  sukun  diiris  tipis  banjur  diekum  ing  banyu  kapur  suwene  5  jam.
                               Sawise  diekum,  sukun  dikumbah  nganti  resik.  Sabanjure  sedhiyakake
                               bumbu  kayata  kunir  lan  uyah,  uleg  nganti  alus.  Bumbu  alus  kuwi  banjur
                               dicampurake  ing  setengah  liter  banyu.  Sawise  bumbu  wis  siap,  lebokake
                               irisan sukun. Banjur irisan sukun sing wis dikei bumbu digoreng ing minyak
                               panas. Wolak walik sukun supaya matenge mrata lan warnane rada kuning.
                               Yen  wis  mateng,  kripik  sukune  diangkat  lan  ditirisake.  Sawise  tiris,  kripik
                               sukun siap dibungkus.

                         4.   Sale Pisang

                                       Sale pisang yakuwi panganan asil olahan saka gedhang sing disisir
                               tipis  banjur  dipepe.  Karepe  dipepe  kanggo  ngurangi  kadar  banyu  saka
                               gedhang  saengga  sale  luwih  tahan  suwe.  Sale  pisang  iki  bisa  langsung
                               dipangan  utawa  digoreng  nganggo  tepung  terigu  utawa  gandum.  Kajaba
                               iku, saiki sale pisang nduweni manekha warna rasa, kayata rasa keju lan
                               coklat.
                                       Ana  uga  sale  pisang  kang  digawe  nganggo  cara  diasep.  Cara
                               nggawene ana 3, yakuwi cara tradhisional nganggo asep kayu, cara ngasep
                               nganggo asep belerang, lan cara teles nganggo natrium bisulfit. Sedurunge
                               gedhang  diasep,  dionceki  dhisik.  Sawise  dionceki,  gedhang  diasep.
                               Gedhange ditata nang rak-rak sajroning lemari pengasapan. Gedhang sing
                               rasane  kurang  legi,  bisa  ditambahi  gula  pasir.  Sawise  diaseo,  gedhange
                               banjur dipepe. Gedhang sing wis dipepe, banajur dicithak nganggo cithakan
                               sale.  Carane  dienet/ditened  ing  papan  cithakan  supaya  rada  gepeng.
                               Sawise kuwi, gedhang bisa digoreng nganggo adonan tepung terigu utawa
                               gandum.  Yen  arep  ditambah  karo  parutan  keju  utawane  coklat,  bisa
                               diwuwurake  nalika  sale  isih  nembe  rampung  digoreng.  Saengga  keju  lan
                               coklate tumemplek nang sale.
                                       Sale pisang mujudake salah sawijining panganan tradhisional khas
                               Cilacap, amarga ing dhaerah Cilacap akeh tanduran gedhang. Saengga,


                             46        BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   41   42   43   44   45   46   47   48   49   50   51