Page 47 - MODUL 1
P. 47
kanggo ngawetake gedhang sing saben panen kuwi akeh, masarakat
ndadekake gedhang mau sale. Kareben awet, saha bisa didhahar kanthi
wujud liyane supaya ora bosen.
5. Jenang
Jenang minangka salah sawijining panganan khas Cilacap sing
kondhang enake. Jaman biyen, jenang kuwi kalebu panganan langka, ora
saben dina bisa nemokake jenang. Amarga jaman biyen, jenang mung bisa
ditemokake ing acara-acara gedhe kayata hajatan. Ning saiki, jenang
gampang ditemokake ing papan-papan dodolan oleh-oleh. Jenang ing
dhaerah liyane kayata Garut diarani “Dodol”. Jenang Cilacap iki manekha
warna rasane, kayata Jenang Kacang, Jenang Wijen, lan Jenang Polos.
Gawe jenang ana alate, yakuwi jadhi (kuwali gedhe sing digawe
saka tembaga). Biasane digawe bareng-bareng ana 4 wong kanggo gantian
ngudhak jenang. Gawe jenang kudu diudhak-udhak karepe ora geseng.
Bahan-bahan gawe jenang yakuwi glepung beras, glepung ketan, gula
pasir, gula jawa, uyah, lan santen. Sepisan, glepung beras karo glepung
ketan dicampur, ditambah karo santen lan diudhak nganti rata. Banjur
lebokke gula jawa lan gula pasir sing wis diencerke. Adonan dimasak nganti
kenthel lan bisa dicithak. Masak jenang porsi gedhe bisa nganti jam-jaman.
Saengga mbutuhake pirang-pirang wong kanggo gantian ngudhak jenange.
Jenang sing nembe mateng, rasanye nylekamin, legit, lan kenyel.
B. Kuliner Khas Jawa Tengah
1. Thiwul
Wektu iki thiwul dikenal minangka jajanan pasar kang merakyat.
Panganan iki gampang ditemokake ing sawenehe papan. Yen diturut saka
sejarahe, thiwul iku mula bukane minangka panganan pokok masarakat ing
jaman biyen nalika penjajahan Jepang lan udakara ing taun 1960-an.
Thiwul digawe saka pohung (singkong) didadekake panganan pokok
kanggo ngganti beras nalika regane larang lan ora bisa ketuku. Ing jaman
biyen thiwul dipangan kaya dene sega, kanthi lawuh lan jangan/sayur.
Thiwul digawe saka pohung kang dipeme nganti garing, utawa
kulina diarani gaplek. Gaplek banjur didheplok nganti alus, banjur didang
nganti mateng. Asil dang-dangan iki kang diarani thiwul. Yen dipangan
minangka panganan pokok, thiwul bisa dipangan nganggo lawuh jangan
lombok ijo, tempe gembus goreng, lan sambel.
Sega thiwul kulina digathukake karo kemelaratan, nanging kabeh
mau ora bener satus persen, sebab ing tlatah liya thiwul iku dadi pangan
favorit. Tuladhane ing Madiun. Saliyane dadi panganan kang disenengi,
thiwul uga nyehatake, mligine kanggo kang duwe lara diabetes, darah
tinggi, lan sapiturute. Thiwul uga dipercaya bisa nyegah lara maag.
Siji maneh panganan kang kawentar lan minangka sawijining
perangan kang baku tumrap perjuwangane para pahlawan kamardikan.
47
BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap