Page 35 - MODUL 1
P. 35
Bapak ibu ingkang satuhu kinurmatan, mekaten menggah tanggap wacana Kepala
Dinas Pendidikan dan Kabudayaan Kab. Cilacap. Kangge acara pungkasan nun
inggih waosan dunga ingkang badhe kaaturaken dening sdr.
………………………………... Sumangga.
(dunga)
Bapak ibu para rawuh ingkang minulya,
Mekaten menggah lampahing adicara Purna Wiyata Adisajana SMA ………………….
Sampun paripurna kanthi rancag, rahayu widada nir ing sambekala. Kangge
mungkasi adicara, sumangga dipuntutup kanthi waosan hamdallah sesarengan.
Alhamdulillahirobil’alaamiin.
Saking kula cekap semanten, kathah klenta-klentuning atur nyuwun agunging
samodra pangaksami.
Iwak sepat bumbune santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr…Wb
Nuwun.
VI. GLADHEN
Wangsulana kang patitis!
1. Apa sebutan liya kanggo pranatacara, lan apa sing diarani pranatacara?
______________________________________________________________

2. Sebutake apa bae syarate dadi pranatacara!
______________________________________________________________
______________________________________________________________
______________________________________________________________
______________________________________________________________
______________________________________________________________
3. Golekana tuladha tembung-tembung ing ngisor iki!
No Yogyaswara Tembung Entar Rura Basa
1
2
3
35
BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap