Page 31 - MODUL 1
P. 31
3) Candrane perangan awak
a. Rikma memak ngembang bakung
b. Palarapan nyela cendhani
c. Alise nanggal sepisan
d. Mripate ndamar kanginan
e. Pengarasan nduren sajuring
f. Grana ngrungih
g. Lathi nggula satemplik
h. Jangga mangolan-olan pindha lunging gadhung malengkung
i. Pamidhangan nraju emas
j. Astane gendhewa pinenthang
k. Drijine mucuk tanjung
l. Bangkekake nawon kemit
4) Candrane solah bawa
a. Lakune lengkeh –lengkeh kaya macan luwe
b. Lembehane kaya merak kasimpir utawa mblarak sempal
c. Pangamuke kaya bantheng ketaton
d. Lingak-linguk kaya kethek ketulup
e. Antenge kaya temanten ditemokake
5) Candrane satriya (Raden Gathotkaca)
Raden gathotkaca satriya Pringgondani nyata sekti mandraguna jayeng
palugon. Sugih ngelmu japamantra. Saranduning awak dumadi sarwa sesi,
otat kawat balung wesi, kulit tembaga, sungsum gegala, sikut pethel, driji
gunting, tungkak wadung, dhengkule pacul, idepe kawat bendrat, ususe
paralon.
6) Candrane wong ngombe/nginum
a. Eka padmasari
b. Dwi maratani
c. Tri kawula busana
d. Catur wanara rukem
e. Panca sura panggah
f. Sad guna weweka
g. Sapta kukila warsa
h. Asta sacara-cara
i. Nawa ugra lupa
j. Dasa yaksa wangke
7) Panyandra lampahing temanten putri
Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ambabar gendhing
Ketawang Sekarteja laras slendro pathet manyura, ketingal ana wanodya
sulistya ing warni mijil saking panti busana, mawa ganda angambar arum,
kakanthi manjing sasana rinengga.
31
BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap