Page 32 - MODUL 1
P. 32
Ngagem busana ingkang edi-endah angemba busanane prameswari garwa
nata, tinon saking mandrawa kawuryan abyor mompyor pating galebyar pating
pancurat pindha kartika gumingsir papan.
Meloking wadana, sumunu agilar-gilar pindha kencana binabar. Palarapan
nyela cendhani sinungging papaes awarna kresna. Rikma anjanges
cecundhuk pinetha wulan tumanggal, den apit centhung kanan miwah kering
lir peksi jiwa-jiwa.
Cundhuk mentul pinasang tata pinatut, katiyubing sanirana manda pindha
astane wong ayu kang lagi ngawe-awe kekasihe.
E. Pepindhan
Pepindhan iku unèn-unèn kanggo mindhakake barang utawa kahanan siji
karo barang utawa kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung panggandheng:
kaya, lir, pindha, kadya, lir pendah. Pepindhan asring dipigunakaké ing
pacelathon padinan, panyandra jroning adicara penganten, pagelaran wayang
utawa jroning babagan sastra.
Tuladhané Pepindhan
Pepindhan kanggo nyandra putri kang sulistya.
• Ayune kaya dewi Ratih
• Dedege ngringin sungsang
• Lembéyané mblarak sempal
• Kulite kuning nemu giring pindha mas sinangling
• Lakuné putri Sala kaya macan luwé
Panyandra kanggo satriya utawa priya
• Baguse kaya Bathara Kamajaya tumurun
• Dedeg piadege gagah prakosa kaya Raden Werkudara
• Tandangé cukat kaya jangkrik mambu kili
• Tandange kaya sikatan nyamber walang
• Tandange kaya banteng ketaton
Pepindhan kang kanggo nyandra kahanane wadyabala.
• Abang kumpul padha abang kaya alas kobong
• Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton
• Rame suraking wadyabala ambata rubuh
• Wangsulane saur manuk
Pepindhan kanggo nyandra wong nesu utawa nantang perang
• Jaja bang mawinga-winga sinabet merang sagedheng bel mubal dahana.
• Sang Prabu duka yayah sinipi lir sinebit talingane.
• Sumbaré kaya bisa mutungna wesi gligèn
Pepindhan kanggo nyandra kahanan
• Bantere kaya angin
32 BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap