Page 27 - MODUL 1
P. 27
d. Intonasi (intonation)
Yaiku endhep dhuwure swara, seru lan lirihe swara, sarta cepet alone
swara.
e. Kajiwan (empati)
Yaiku swara kang diucapake jumbuh (sesuai) karo swasana kajiwan
acara. Swasana seneng, sedhih, prihatin apa gumbira.
2. Wiraga lan busana (penampilan)
Ajining dhiri ana ing lathi, ajining raga ana ing busana, ajining awak
saka tumindak. Pranatacara kudu nggatekake wiraga lan busanane nalika
madeg ngayahi jejibahan. Ing ngisor iki wujud wiraga lan busana
(penampilan) pranatacara:
a. Magatra
Yaiku awak, pasuryan, cara dandan lan busanane, jumbuh, pantes, wajar
ora digawe-gawe
b. Malaksana
Yaiku carane mlangkah utawa mlaku katon kewes lan luwes, ora ragu-
ragu.
c. Mawastha
Yaiku ngadeg jejeg kanthi kapitayan (percaya diri) lan ora dhoyong.
d. Maraga
Yaiku mantep, anteng, ora gemeter, panyawange tajem marang pamirsa.
e. Malaghawa
Yaiku terampil, lancar, ora kalonen, uga ora kecepeten.
f. Matanggap
Yaiku tanggap marang kahanan/situasi sing diadhepi.
g. Mawwat
Yaiku bisa ngrampungi perkara kanthi becik, jumbuh karo sing dikarepake.
3. Olah basa lan sastra (kemampuan berbahasa dan sastra)
Supaya bisa ngolah basa sing apik, pranatacara kudu ngerti lan
paham paramasatra, wacana, lan pragmatik. Mangerteni babagan
paramasastra Jawa ndadekake pranatacara bisa ngucapake tembung-
tembung, frasa, ukara, bebasan, paribasan, wacana basa Jawa krama kanthi
laras dan leres. Laras tegese, pranatacara bisa nggelar adicara jumbuh karo
kahanan lan swasana. Leres tegese pranatacara bisa nggunakake basa kang
pas utawa jumbuh karo paugeraning paramasatra.
4. Pawiyatan (pendidikan)
Kajaba wasis babagan olah basa lan sastra, pranatacara uga kudu
nduweni wawasan kang jembar, saora-orane kudu nduweni pengalaman
pawiyatan (pendidikan) sing murwat.
27
BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap