Page 26 - MODUL 1
P. 26
lan sapanunggale. Kaya dene ing adicara adat temanten Jawa, pranatacara
kajibah nglantarake titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan.
Sanadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (ijab kabul) madeg dhewe ora
gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene ing
acara kesripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake acara
mbudhalake layon saka omah menyang pasarean (kuburan).
Wondene sing diarani pamedhar sabda yaiku paraga sing kajibah
(mengemban tugas) mbabar sawijining perkara. Jejibahan iku kaya dene,
ngaturake pamedhar sabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe, pasrah temanten
utawa nampa pasrahe temanten, khutbah walimah (wasitatama). Yen ing omahe
wong kesripahan, pamedhar sabda duwe jejibahan ngaturake panuwun marang
wong sing nglayat (takziyah) sing wis melu bela sungkawa. Dene patemon ilmiah
(pertemuan ilmiah) jejibahane pamedhar sabda kayata, ceramah, sesuluh dines
(penyuluhan dinas), konferensi, seminar, sarasehan, kuliyah umuh, wisudha, lan
liyane.
B. SARAT DADI PRANATACARA
Pranatacara kudu bisa ngucapake (melafalkan) tembung-tembung ing basa
Jawa kanthi bener. Uga kudu bisa njaga suwarane supaya tetep narik kawigaten
lan ora mboseni. Ing ngisor iki sarate yen kepengin dadi pranatacara:
1. Olah swara (teknik vokal)
Saben wong nduweni bobot swara kang beda-beda. Ana sing swarane
dhuwur, sedheng, lan cilik. Swara sing bagus kuwi sing gandhang, ora
nggrenyem lan ora brisik. Sing alon lan kepenak dirungokake. Dadi
pranatacara, swara klebu modhal sing paling utama. Mulane kudu nyinau
olah swara (teknik vokal). Sing kudu digatekake pranatacara nalika olah
swara yaiku:
a. Logat (Aksentuasi/accentuation)
Tegese, swarane nggunakake basa baku, ora kecampur logat dhaerah
(dialek). Ing basa Jawa, sing dianggep baku yaiku logat/dialek Surakarta
lan Ngayogyakarta. Kanggo dhialek Banyumas, Jawa Timuran lan liya-
liyane bisa digunakake ing acara sante utawa selingan supaya acarane
ora krasa mboseni.
b. Pocapan (Artikulasi/articulation).
Yaiku pocapan (pengucapan) ukara lan tembunge cetha (jelas).
Pranatacara kudu ngerti pocapan basa Jawa sing bener, uga basa
Indonesia utawa basa manca (asing), amarga yen ana tamu ora ngerti
basa Jawa pranatacara kudu nganggo basa Indonesia utawa yen perlu
basa manca (asing) kanggo njelasake bab sing diandharake (diucapkan).
c. Prana (Napas/breath)
Prana yaiku napase pranatacara, ing kene kudu bisa anteng ora
kemrungsung saengga swarane bisa apik lan alami.
26 BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap