Page 22 - MODUL 1
P. 22

Sasampunipun ndungkap ukaman wekdal 13 taun, Pandhawa kedah nyamar
                    ngantos boten saged dipun ngertosi wonten pundi panggenanipun.
                            Pranyata ndungkap wekdal ukuman 13 taun, Pandhawa nyamar wonten negari
                    Wiratha,  sami  ngawula  (menjadi  hamba)  dhateng  Prabu  Matswapati  utawi
                    Gurgandana.  Ing  pungkasaning  taun  13,  kawontenanipun  Pandhawa  boten  saged
                    dipun mangertosi dening Kurawa ngastina klebet mata-matanipun.
                            Cathetan ingkang ndamel nggrantesing manah, ing salebetipun main dhadhu,
                    Dewi Drupadi dipun ruda paripeksa(penghinaan) ingkang sakalangkung jahat saking
                    arya Dursasana. Ngantos rikmanipun Dewi Drupadi ngore(terurai).
                            Dewi  drupadi  sumpah  ora  bakal  nyanggul  rikmanipun  sak  derenge  kramas
                    kalian getihe Arya Dursasana.

                     Sumber: https://caritawayang.blogspot.com/2015/06/pandawa-dadu-dalam-bahasa-jawa.html

                4.  Latar crita kang nuduhake Pandhawa padha ngawula marang Prabu Matswapati yaiku
                     ....
                     A.  Negeri Wiratha                            D. Negeri Amarta
                     B.  Negeri Ngastina                           E. Negeri Sigala
                     C.  Negeri Endraprastha
                5.  Tokoh kang duweni watak licik lan licin kangge ngawonaken Pandhawa yaiku ....
                     A.  Dewi Drupadi                              D. Arya Dursasana
                     B.  Prabu Matswapati                          E. Prabu Gurgandana
                     C.  Arya Sangkuni
                6.  Undherane crita kang gumugah tuwuh saged mbangun praja wonten ing tlatah
                     Endraprastha inggih menika ….
                     A.  Kurawa                                    D. Pandhawa
                     B.  Sangkuni                                  E. Dursasana
                     C.  Duryudana
                7.  Pitutur luhur kang bisa dijupuk saka crita wayang ing dhuwur yaiku …
                     A.  Aja duweni sipat dendam ing sajroning paseduluran.
                     B.  Duweni sipat jujur kanggo males tumindak ala marang sapadha.
                     C.  Sipat licik ulih dilakokake supaya bisa pikoleh apa kang dikarepake.
                     D.  Duweni sipat iri marang sapadha kang duweni sipat kang becik.
                     E.  Ngrebut kakuwasaan kanthi cara apa bae ulih dilakokake.

                     Crita kanggo mangsuli pitakonan nomer 8-10

                            Minangka putrane Prabu Pandhu Dewanata Ian Dewi Kunthi sing angka kalih.
                    Minangka  titisane  Bathara  Bayu.  Awit  putra  angka  loro,  mula  uga  sinebut  putra
                    panenggaking  Pandhawa.  Sesebutan  liyane  Bratasena,  Bimasena,  Haryasena,
                    Bayusiwi,  Jagal  Abilawa,  Kusumadilaga,  Jayalaga.  Kastriyane  ing  Jodhipati  utawa
                    Tunggul Pamenang.
                            Garwane  telu  aran  Dewi  Nagagini,  Dewi  Arimbi,  Ian  Dewi  Urangayu.  Karo
                    Dewi  Nagagini,  peputra  Raden  Antareja.  Karo  Dewi  Arimbi,  peputra  Raden
                    Gathutkaca. Karo Dewi Urangayu, peputra Raden Antasena.





                             22        BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   17   18   19   20   21   22   23   24   25   26   27