Page 21 - MODUL 1
P. 21

I.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor kanthi menehi tanda ping (x) ing aksara
                     a, b, c, d, utawa e sing koanggep bener!

                1.  Nalika ngrungokake crita wayang kulit ing radhiyo, saben arep ganti  adegan mesthi
                     kawiwitan suluk lan janturan kang nyritakake wektu, papan lan panggonan. Mula saka
                     iku pamireng isa ngreteni babagan ....
                     A.  tokoh                                     D. alur
                     B.  watak tokoh                               E.  pesen/amanat
                     C.  latar
                2.  Ing crita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan
                     anggone  dhawuh  iku  ngetohake  nyawa,  nanging  Bima  ora  nggresula.  Saka  crita
                     kasebut  pamireng  ngreti  yen  karep  saka  crita  iku  supaya  murid  bekti  karo  gurune.
                     Perangan iku mapan ana ing crita kang diarani ....
                     A.  tokoh                                     D. alur
                     B.  watak tokoh                               E.  pesen/amanat
                     C.  latar
                3.  Sanajan Panakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur lan drajate
                     mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak laku utama.
                     Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti kang ditindakake Panakawan sing
                     jujur, prasaja, lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur crita wayang sing
                     diarani ....
                     A.  tokoh                                     D. alur
                     B.  watak tokoh                               E.  pesen/amanat
                     C.  latar

                     Crita kanggo mangsuli pitakonan nomer 4-7

                                                   PANDHAWA DHADHU

                            Sasampunipun  Pandhawa  saged  medal  saking  bale  Sigala-gala,  wusana
                    saget  medal  mbangun  praja  wonten  ing  tlatah  Endraprastha  utawi  Amarta.  Sedaya
                    wiwit ikhtiyar nyusun kekiyatan kanthi tumindak ingkang sae lan jujur.
                            Kosok  wangsulipun  para  tokoh  Kurawa  ningali  para  satriya  pandawa  sami
                    gumugah  tuwuh  sedaya  bala  Kurawa  sansaya sanget  anggenipun  dendam.  Kurawa
                    nglajengaken  niat jahatipun,  ngangge  siasat  licik  lan jahat.  Prajurit  Kurawa  sansaya
                    sombong,  jalaran  rumaos  nggadhahi  kekiyatan  ageng.  Ningali  pandhawa  namung
                    nggadhahi kekiyatan tokoh/cacahipun 5.
                            Kurawa  Ngastina  wiwit  ngacakaken  siyasat  licik  ndhatengaken  Pandhawa
                    dipuntantang  main  dhadhu.  Kanthi  tumindak  licik  lan  licin,  Arya  Sangkuni  saget
                    ngawonaken  pandhawa.  Padhawa  dipunpeksa  supados  masrahaken  negari,  kraton,
                    para pribadhi, saha semahanipun minangka totohanipun.
                            Pandhawa kawon, kedah nindakaken ukuman nyingkir dhateng wana, 13 taun
                    laminipun.



                                                                                          21
                               BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   16   17   18   19   20   21   22   23   24   25   26