Page 23 - MODUL 1
P. 23
Anggadhahi pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala, Ian Gada
Lambita¬muka. Aji-ajine Bandung Bandawasa, Ungkal bener, Blabag Pengantol-antol,
Bayu Bajra.
Panjenenganipun ora bisa basa marang sapa wae. Dadi yen micara tansah
ngoko. Sing dibasani mung Sanghyang Wenang lan Dewa Ruci. Sanajan mangkono
panjenenganipun duwe watak setya tuhu marang guru, bekti marang ibu, teguh ing
janji, bela bebener, mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang kadang, adil.
Tandha bektine marang ibune dibuktekake, kanthi merjaya Dursasana, getihe kanggo
jamas rikmane Kunthi lan sirahe kanggo keset dening Dewi Kunthi. Tresna marang
kadang, kabeh kadange tansah dibela lamun nuhoni bebener. Nanging yen luput
sanadyanta anake dhewe bakal diajar. Ing perang Bratayuda dadi agul-aguling
Pandhawa.
Sumber: https://caritawayang.blogspot.com/2015/06/pandawa-dadu-dalam-bahasa-jawa.html
8. Paraga kang dicritakake ing dhuwur yaiku ….
A. Arjuna D. Werkudara
B. Nakula E. Puntadewa
C. Sadewa
9. Watak kang bisa dipun tuladha saka paraga ing dhuwur yaiku ….
A. mblenjani janji D. ora adil
B. bela bebener E. dhemen perang
C. wani marang ibu
10. Paraga ing dhuwur mung bisa basa marang ….
A. Dewi Kunthi D. Gathotkaca
B. Prabu Pandhu E. Dewa Ruci
C. Dursasana
II. Essay
Rungokna lan semaken pethilan crita wayang ”Dewa Ruci” kang diputerna
dening Bapak utawa Ibu guru iki! Banjur wangsulana pitakonan ing ngandhap
menika!
1. Tembung-tembung ing ngisor iki golekana tegese!
1) Janma : ________________________________________________
2) Manjing : ________________________________________________
3) Sira : ________________________________________________
4) Ingsun : ________________________________________________
5) Surya : ________________________________________________
6) Ingarsa : ________________________________________________
7) Raharja : ________________________________________________
8) Guwa garba : ________________________________________________
9) Jembar : ________________________________________________
10) Manggih : ________________________________________________
23
BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap