Page 28 - MODUL 1
P. 28

5.  Mental lan Katewajuhan (disiplin)
                                       Dadi pranatacara kudu kendel, wani, lan ora isin. Supaya nduweni
                             mental  sing  kandel  lan  kendel  sarta  wani,  pranatacara  kudu  gelem  gladhi
                             (latihan).  Katewajuhan  (disiplin)  uga  penting  banget  tumrape  pranatacara.
                             Samapta (siap) sadurunge adicara diwiwiti, lan ora kena ninggalake adicara
                             yen durung paripurna.

                     C.  PERANGAN TEKS PRANATACARA
                               Minangka  ancer-ancer  yen  gawe  ngrengrengan  teks  pranatacara,  para
                         siswa  kudu  ngerti  pokok-pokok  teks  prantacara  mau.  Dene  pokok  teks
                         pranatacara, yaiku:

                         1.  Pambuka
                             ➢  Salam pambuka
                                 Salam  pambuka  kanthi  tembung,  “Asalamualaikum  Warahmatullah
                                 wabarokatuh”, utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.
                             ➢  Puji syukur
                                 Puji syukur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake
                                 sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi.
                             ➢  Sapa aruh (sapaan)
                                 Sapa  aruh  utawa  aruh-aruh  marang  kabeh  para  tamu  undangan.
                                 Anggone  sapa  aruh  mau  diwiwiti  saka  wong  sing  paling  tua  nganti
                                 marang  sing  enom,  saka  sing  pangkate  luwih  dhuwur  nganti  sing
                                 endhek.
                         2.  Surasa/ancasing gati.
                             ➢  Ancasing  gati  yaiku  apa  kang  dadi  tujuan  saka  adicara  kang
                                 dileksanakake  ing  wektu  iku  paraga  pranatacara  kudu  ngerti  kanthi
                                 gamblang  ngenani  adicara  apa  sing  dianggit  dening  prantacara  kudu
                                 klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane
                                 lan  cundhuk  karo  tatanan  adat  kang  ana  ing  bebrayan  (masyarakat)
                                 kono.
                         3.  Panutup
                             ➢  Ing  perangan  panutup  iki  prantacaara  ngatur  marang  para  rawuh
                                 mungguh  acara  kang  dirantam,  sarta  ngajak  ngenut  lakuning
                                 pahargyan kanthi kepenak.
                             ➢  Njaluk pangapura anggone mranatacara yen ana luput lan klerune.
                             ➢  Salam penutup.

                II.  KAWRUH BASA

                            Pranatacara  basa  Jawa  iku  kudu  nggunakake  lan  nguwasani  sawenehing
                    kaprigelan kawruh basa kanthi ancas supaya bisa narik kawigatene tamu kang padha
                    rawuh.
                     A.  Tembung Yogyaswara
                         1.  Para  mudha-mudhi  Desa  Kedungrandu  dina  Minggu  wingi  nganakaken
                             kerjabakti bebersih dalan desa.



                             28        BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   23   24   25   26   27   28   29   30   31   32   33