Page 30 - MODUL 1
P. 30

luhúr budiné             = kêlakuane bêcík/apík
                         lunyu ilaté              = gunêmé méncla-ménclé
                         mati rågå                = prihatin; tåpå, tirakat
                         mêdhót dalan             = ora ditêrusaké
                         mogèl ilaté              = mangan sing sarwa énak

                     C.  Rura Basa (Tembung Salah Kaprah)
                               Tembung  rura  basa  uga  diarani  tembung  salah  kaprah,  tegese  tembung
                         kang  wis  rusak  utawa  tembung  kang  wis  salah  nanging  kebacut  dinggo  ing
                         masarakat.

                         Tembung salah kaprah iku tuladhane:
                         -  adang sega              : adang beras supaya dadi sega.
                         -  mènèk krambil           : mènèk wit krambil.
                         -  nguleg sambel           : nguleg lombok supaya dadi sambel.
                         -  nulis layang            : nulis kertas supaya dadi laying.
                         -  nggodhog wédang         : nggodhog banyu supaya dadi wedang.
                         -  negor gedhang           : negor wit gedhang.

                     D.  Panyandra
                               Panyandra  yaiku  nggambarake  sawijining  barang/kahanan  nganggo
                         tembung-tembung  kang  jumbuh  lan  trep.  Umume  panyandra  kanggo
                         nggambarake  kahanane  alam,  satriya,  ratu,  perangan  awak,  solah  bawa,  lsp,
                         lumrahe wujude pepindhan.

                         Tuladha panyandra
                         1)  Candrane bancana alam
                            Akehe manungsa kang tumindak murang tata, ninggalake paugerane agama
                            lan  bebrayan,  ndadekake  dukane  Gusti  kang  Murbeng  dumadi,  katitik
                            saenggon-enggon  dumadi  banjir  bandhang  kang  nyered  manungsa  padha
                            dadi  bathang,  lemah  longsor  tinemune  korban  padha  pating  dlosor,  gunung
                            njeblug  pratandha  anane  pageblug,  lindhu  sedina  kaping  pitu  mangungsa
                            padha  pating  bilulu  bingung  bilulungan  ngungsi  gesang.  Murkane  Gusti
                            pranyata  ngedab-edabi.....  amung  sakedheping  netra  banyune  segara
                            munggah  dharatan  dadi  tsunami  nggulung  isen-isening  donya  dadi  warata
                            bumi,  akeh  korban  kang  padha  mati,  anak  kelangan  bapa  biyunge,  kaki
                            kelangan putune. Kabeh padha sambat...kabeh padha taubat... nanging Gusti
                            durung paring rohmat lamonta menungsane mentale esih bejad.

                         2)  Candrane mangsa kala
                             a.  Mangsa Kasa        : Sotya murca saking embanan, tandhane kekayon
                                 padha brindhil, gegodhongan padha gogrog.
                             b.  Mangsa Karo        : Bantala rengka. Tandhane lemah padha nela
                             c.  Mangsa Katelu      : Suta manut ing bapa. Tandhane tetuwuhan
                                 bangsane uwi/gembili/lung-lungan padha mrambat ing lanjarane. Lsp.





                             30        BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   25   26   27   28   29   30   31   32   33   34   35