Page 34 - MODUL 1
P. 34
9. Tanggap wacana Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Kab. Cilacap
10.Dunga panutup
Bapak Ibu sagunging para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Mekaten menggah rantamaning adicara ingkang badhe kalampah, mugiya tansah
pikantuk barokahing Gusti satemah hambabar rancag miwah lancaring tata adicara
ing siyang menika ngantos paripurna.
Kangge murwakani adicara menika sumangga kawiwitan kanthi waosan Basmallah
sesarengan,
Bismillahirohmanirrohiim.
Tumunten kangge acara salajengipun nun inggih waosan ayat suci Alqur’an, ingkang
badhe kaaturaken dening qori ………………….., lan saritilawah …………………
Kasumanggakaken.
Bapak ibu ingkang satuhu kinurmatan, mekaten menggah waosan ayat suci Alqur’an
ingkang sampun kaaturaken dening sedherek ............................... lan
……………………..
Kangge acara salajengipun nun inggih lagu Indonesia Raya. Para rawuh katuran
jumeneng.
(lagu Indonesia Raya)
Para rawuh katuran lenggah, sumangga.
Bapak ibu ingkang satuhu kinurmatan, Kangge acara salajengipun nun inggih
Laporan Ketua Panitia, dhumateng sedherek ................................ kasumanggakaken
(laporan ketua panitia)
Bapak ibu ingkang satuhu kinurmatan, mekaten laporan ketua panitia ingkang
sampun kaaturaken dening …………………….
Kangge acara salajengipun nun inggih pasugatan beksan ....................... ingkang
badhe kaaturaken dening sedherek
……………..,……………,…………….,……………..,
Sumangga
Bapak ibu ingkang satuhu kinurmatan, mekaten pasugatan beksan ................ ingkang
sampun kaaturaken,mugi saged damel suka rena mongkog lan mareming penggalih.
Kangge acara salajengipun nun inggih tanggap wacana sesulih siswa kelas XII
ingkang badhe kaaturaken dening ...................................... ,
kasumanggakaken.
Lan saterasipun …
34 BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap