Page 33 - MODUL 1
P. 33
• Landhepe pitung penyukur
• Padhangé kaya rina
• Panase kaya mecah-mecahna sirah
Pepindhan liya-liyane
• Akehe lelara kaya kena pageblug
• Bedane kaya bumi karo langit
• Cep klekep kaya orong-orong kepidak
• Domblong kaya sapi ompong
• Rupane kembar pindha jambe sinigar
III. Tuladha Pranatacara wonten ing acara Purna Wiyata Adisajana
Assalamu’alaikum wr.wb.
Kula nuwun,
Ingkang satuhu kinurmatan Bapak Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Kab.
Cilacap,
Ingkang kinurmatan Muspika ............... ,
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala UPT Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Kec.
……….,
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala SMA ................. ,
Bpk/Ibu guru lan karyawan karyawati SMA .................. , ingkang satuhu kula urmati,
Ketua Komite SMA ....................... , ingkang satuhu kula urmati,
Ingkang kinurmatan para tamu undangan wali murid tuwin para kanca/ kadang
nunggil pawiyatan ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga sesarengan kula dherekaken ngaturaken syukur
dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, ingkang sampun kepareng paring
kanugrahan arupi kasarasan jasmani lan rohani saengga wekdal punika panjenengan
sadaya dalasan kula saged hangrawuhi undangan wonten ing tata adicara Purna
Wiyata Adisajana SMA ........................ kanthi rahayu widada nir ing sambekala.
Bapak Ibu sagunging para rawuh ingkang dhahat minulya,
Saderengiun kapurwakan lampahing tata adicara Purna Wiyata Adisajana, langkung
rumiyin badhe kawula aturaken menggah reroncening adicara ingkang sampun
sinanggit. Nuwun inggih:
1. Pambuka
2. Waosan ayat suci Alqur’an
3. Lagu Indonesia Raya
4. Laporan Ketua Panitia
5. Tanggap wacana sesulih siswa kelas XII
6. Tanggap wacana sesulih siswa kelas X lan XI
7. Tanggap wacana Kepala SMA ………………
8. Tanggap wacana Ketua Komite SMA ……………………
33
BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap