Page 29 - MODUL 1
P. 29
2. Dewa-Dewi sekang Kahyangan Suralaya padha ngrawuhi pawiwahan
supitane Raden Gatotkaca.
Tuladha ukara neng ndhuwur menawa digatekaken kanthi premati ana
tembung-tembung sing kacihtak miring, yaiku tembung mudha-mudhi lan
Dewa-Dewi. Apa bedane tembung-tembung mau?
Iya, bedhane ana neng bagian wanda sing mburi yaiku nganggo a lan i. Apa
tembung mau nduweni arti sing padha?
Bener banget, senajan pangucapan lan panulisane meh padha nanging
nduweni teges sing beda.
Tembung Yogyaswara yaiku tembung loro sing meh padha pangucapane lan
uga panulisane, mung beda wanda wekasan nganggo a lan i sing tegese
lanang lan wadon.
Tembung bethara-bethari, siswa-siswi, kedhana-kedhini, putra-putri,
mahasiswa-mahasiswi lan liya-liyane kalebu tuladha tembung yogyswara.
Tembung suprapta-suprapti, karna-karni ora kalebu tembung yogyaswara
amarga jeneng bocah ora kalebu tembung yogyaswara senajan
tegese lanang lan wadon. Tembung bola-bali, wara-wiri uga ora kalebu
tembung yogyaswara, senajan pangecapane lan panulisane meh padha
nanging tegese dudu lanang lan wadon. Semana uga tembung kaki-nini,
bapak-ibu senajan tegese lanang lan wadon nanging panulisan lan
pangucapane bedha utawa ora mirip, mula ora bisa digolongaken tembung
yogyaswara.
B. Tembung entar
Tembung Éntar yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné
(kata kiasan). Utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut
uga ing basa Indonesia tembung silihan (kiasan). Ing basa walandané
yaiku Figuurlijke betekenis.
Tuladhané:
abang kupingé = nêsu bangêt
ngabangké kuping = gawé nêsu
abang-abang lambé = ora têmênan, mung lêlamisan
abang rainê = nandhang isin (wirang)
adol ayu = ngêndêlake ayuné
adol gawé = ngatonake pênggawéyané
adus luh = nêmên anggoné nangís
ålå kandhutané = ålå wataké
asor budiné = bêbudèné åla
dåwå tangane = sênêng nyólóng jupúk
idu gêni = omongane tansah kêlakon
kandel kupingé = ora nggugu pitutúr (ndableg)
lambé tipís = criwis/akèh omongé
landhêp dhêngkul = bodho bangêt
29
BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap