Page 17 - MODUL 1
P. 17

2.  Unsur Manungsa
                         a.  Dhalang yaiku sutradara, pemain, artis, sarta paraga sentral saka pagelaran
                             wayang.
                             Dhalang uga bisa ditegesi wong kang nyritakake lan nglakokake wayang. Ing
                             babagan  terminology  basa  Jawa,  dhalang  asale  saka  tembung  ngudhal
                             piwulang.  Ngudhal  tegese  nyebarake/ngandharake  lan  piwulang  tegese
                             ajaran,  pitutur,  wulangan,  ngelmu.  Dadi  dhalang  iku  ora  mung  nampilake
                             tontonan nanging uga mbeberake bab tuntunan kang becik.
                         b.  Penyimping  yaiku  wong  kang  biyantu  dhalang  kanggo  nyiapake  wayang
                             kang dijejer (disamping) ing debog (simpingan).
                         c.  Panjak yaiku wong kang nabuh gamelan (memainkan gamelan).
                         d.  Waranggana  yaiku  wong  kang  nembang  ing  pagelaran  wayang.  Biyasane
                             kang nembang iku wong wadon uga biyasa diarani sindhen.

                IV.  UNSUR CRITA WAYANG
                            Crita wayang dumadi saka pirang-pirang unsur panyengkuyung, Unsur
                    pambangun crita wayang antarane yaiku:
                     a.  Tema yaiku gagasan pokok sing dadi lajering crita.
                     b.  Latar/setting yaiku katrangan bab wektu, swasana lan papan dumadine crita.
                     c.  Penokohan yaiku paraga (tokoh) lan karaktere (watake).
                     d.  Alur yaiku reroncening crita /urutaning crita.
                     e.  Konflik yaiku perkara kang sinandhang dening paraga (tokoh).
                     f.  Amanat yaiku pesen utawa pitutur luhur kang kamot ing crita wayang.
                     g.  Gaya bahasa (ragam basa) yaiku ragam basa kang dienggo ing crita.

                    Sinopsis
                    Sinopsis yaiku ringkesane crita. Carane gawe sinopsis/ringkesan crita wayang padha
                    karo gawe ringkesan crita-crita liyane, yaiku:
                    1.  maca naskah crita wayang nganti rampung (wiwit purwa nganti wasana)
                    2.  nulis pokok cerita (intine crita) kang penting-penting wae
                    3.  monolog lan dhialog ditulis intine wae nanging ora nyebal saka alur critane
                    4.  ngronce pokok cerita (intine crita) dadi sawijining paragaraf.

                V.  Tuladha crita wayang
                                                     BIMA BUNGKUS
                            Jejer  Ngastina.  Duhkitaning  Prabu  Pandhu  lan  Dewi  Kunhti  jalaran  lahire
                    ponang  jabang  bayi  kang  awujud  bungkus.  Tan  ana  sanjata  kang  tumama  kanggo
                    mbedhah  bungkus.  Kurawa  uga  melu  cawe-cawe  arsa  mecah  bungkus,  sanadyan
                    amung  lelamisan,  bakune  arsa  nyirnaake  si  bungkus.  Wisiking  dewa  sang  bungkus
                    den bucal ing alas Krendawahana.
                            Ing  pertapan  Wukir  Retawu  Begawan  Abiyasa  kasowanan  Raden  Permadi
                    kang kadherekaken repat punakawan.





                                                                                          17
                               BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   12   13   14   15   16   17   18   19   20   21   22