Page 12 - MODUL 1
P. 12

I.  Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor kanthi menehi tanda ping (x) ing aksara a,
                   b, c, d, utawa e sing koanggep bener!
                   1.  Titi laras     1  2  3  4  5  6  7   mujudake  titi laras …
                       a.  slendro                                 d.  pelog
                       b.  slendro sanga                           e. pelog barang
                       c.  slendro  nem
                   2.  Titi laras     1  2  3  5  6   mujudake titi laras …
                       a.  slendro                                 d.  pelog
                       b.  slendro sanga                           e. pelog barang
                       c.  slendro nem
                   3.  Tetembungan utawa ukara kang ana ing tembang arane …
                       a.  titi laras                              d. laras
                       b.  cakepan                                 e.  pathet
                       c.  cengkok

                       tembang macapat kanggo pitakonan nomer 4 - 7

                       Nuladha laku utama,
                       tumrape wong Tanah Jawi,
                       Wong Agung ing Ngeksiganda,
                       Panembahan Senopati,
                       kepati amarsudi,
                       sudanen hawa lan nepsu,
                       pinesu tapa brata,
                       tanapi ing siyang ratri,
                       amamangun karyenak tyasing sesama.
                   4.  Tembang macapat ing dhuwur guru gatra, guru wilangan lan guru lagune yaiku…
                       a.   9 :  8a; 8i; 8a; 8i; 7i; 8u; 7a; 8i; 12u   d. 9 : 8a; 8i; 8a; 8i; 7i; 8a; 7a; 8i; 12a
                       b.   9 :  8a; 8i; 8a; 8i; 7i; 8u; 7a; 8u; 12a   e. 9 : 8a; 8i; 8a; 8i; 7i; 8u; 7a; 8i; 12a
                       c. 9 : 8a; 8i; 8a; 8i; 7i; 8u; 7i; 8i; 12a

                   5.  Tembang macapat ing dhuwur arane tembang …
                       a.  Mijil                                   d.  Pangkur
                       b.  Maskumambang                            e.  Asmarandana
                       c.  Sinom
                   6.  Nuladha laku utama. Nuladha tegese …
                       a.  dhewek                                  d.  niru
                       b.  nedha                                   e.  pinter
                       c.  sarira
                   7.  amamangun karyenak tyasing sesama, tegese …
                       a.  nggugu karepe dhewek                    d. nggugu karepe wong liya
                       b.  gawe senening atine bebrayan            e. sasampunipun dhahar lajeng sare
                       c.  nggugu karepe wong akeh

                   8.  Tembang macapat Sinom nduweni watak …
                       a.  Sereng, seneng, nantang                 d. grapyak, renyah, semangat
                       b.  sedhih, sengsem, prihatin               e. seneng, tresna lan asih
                       c.  kewes, luwes lan resep


                             12        BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17