Page 10 - MODUL 1
P. 10

1.  Paugerane tembang Sinom ing dhuwur yaiku
                         guru gatra          :
                         guru wilangan       :
                         guru lagu           :

                     2.  Tembang macapat Sinom ing dhuwur nduweni watak
                     3.  Tembung-tembung ing tembang Sinom mau golekana tegese ;







                     4.  Tembang macapat Sinom ing dhuwur owahana dadi basa gancaran!







                     5.  Pitutur luhur kang ana ing tembang macapat Sinom ing dhuwur yaiku ;
                     1.
                     2.

                     6.  Sawise  garapanmu  rampung  ijolna karo garapane kancamu, lan tlitinen
                         golekana kekurangan lan kaluwihane garapane kancamu!

                V.  NEMBANG MACAPAT SINOM

                            Sadurunge nembang macapat, luwih dhisit kudu ngerti bab-bab kang ana
                    gegayutane karo tembang macapat :

                     1.  Cakepan = syair, yaiku tetembungan utawa ukara kang ana ing tembang
                     2.  Cengkok = lagu, yaiku lak-luking swara
                     3.  Laras yaiku swara/nada endhep nganti tekan swara dhuwur
                        Laras kaperang dadi loro yaiku Laras Slendro lan Laras Pelog

                     4.  Titi laras = nada.
                        Titi laras Slendro   :      1       2      3      5      6
                                                    ji      ro     lu     ma     nem

                        Titi laras Pelog     :      1       2      3      4      5      6       7
                                                    ji      ro     lu     pat    ma     nem     tu

                     5.  Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
                        Laras lan Pathet kapilah dadi:



                             10        BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14   15