Page 5 - MODUL 1
P. 5

II.  SERAT WEDHATAMA PUPUH SINOM

                            Serat  wedhatama  iki  salah  sijine  serat  karangan  KGPAA  Mangkunegara  IV,
                    asale  saka  rong  tembung  wedha  kang  tegese  ajaran  lan  tama  kang  tegese  utama,
                    serat  iki  isine  babagan  ajaran-ajaran  kang  apik,  budi  pekerti  lan  akhlak  sing  nganti
                    saiki  isih  bisa  ditrepake  ing  urip  bebrayan  agung,  serat  iki  tinulis  wujud  tembang
                    macapat supaya gampang dieling-eling lan disenengi dening masyarakat Jawa kang
                    umume  padha  seneng  kesenian.  Naskah  asline  saiki  esih  bisa  diwaca  ing  Museum
                    Reksapustaka ing Pura Mankunegaran.
                            Serat  wedhatama  cacahe  ana  limang  pupuh  yaiku  pupuh  Pangkur,  Sinom,
                    Pocung, Gambuh lan Kinanthi. Ing ngisor iki limang pupuh ing serat wedhatama yaiku
                    :

                    1.  Pangkur (14 pada)
                               Ana  ing  serat  wedhatama  pupuh  pangkur  duweni  piwulang  ngelmu  kang
                         sampurna,  kang  dadi  pathokaning  kanggo  manungsa  yaiku  babagan  sopan
                         santun.  Syarat  utama  kanggo  duweni  yaiku  ngati-ati  utawa  mawas  dhiri.
                         Manungsa kang kasil mawas dhiri utawa ngati-ati anggone nglakoni urip ana ing
                         alam ndonya bakal tentrem ana ing donya.
                    2.  Sinom (18 Pada)

                               Pupuh sinom ana ing serat wedhatama yaiku isine babagan pikolehe saka
                         tumindak  ngati-ati  .  tuladhane  yaiku  ratu  Mataram  Panembahan  Senopati  kang
                         duweni  gelar  wong  agung  ing  Ngeksigondo,  tegese  salah  sawijineng  pemimpin
                         teladan , sumeh lan tresna marang kawulane lan asring nglakoni pasa, ananging
                         ora ngadohi marang kawulane.

                    3.  Pocung (15 Pada)
                               Isine pupuh pocung ana ing serat wedhatama yaiku kawicaksanaan sejati.
                         Kawicaksanaan  sejati  ora  ketara  ana  sawijining  papan  panggonan.
                         kawicaksanaan kasebut kudu kelakon. Piwulange Mangkunegara IV yaiku lila lan
                         narima  ,legawa  utawa  lila  atine  lan  pasrah,  sabar  tulus  ikhlas  lan  sumarah
                         marang Gusti ingkang Maha Agung.
                    4.  Gambuh (35 Pada)

                               Piwulang  kang  ana  ing  pupuh  gambuh  yaiku  rasa  syukur  marang  Gusti
                         Allah kang Maha Agung kanthi suci ing batin, ngadohi watak angkara murka lan
                         sifat ngendel ngendelake, sarta tekun nglakoni sembayang.

                    5.  Kinanthi (18 Pada)
                               Ing ngisor iki piwulang ana ing serat wedhatama diringkes dadi 2 perangan
                         yaiku :
                         Piwulang kanggo kanoman

                         •   Para kanoman supaya nyinau babagan busana lan sopan santun, sarta
                             mangerteni sumber ngelmu kang bener.
                         •   Supaya ora nduweni sifat angkuh amarga duweni panguwasa.

                                                                                          5
                               BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10