Page 2 - MODUL 1
P. 2

Nuwun.

                         Puja lan puji syukur tansah konjuk ngarsaning Gusti ingkang Murbeng Dumadi ingkang
                   sampun  maringi  kekiyatan  ingkang  nyantosani  saengga  kawula  para  kadang  dwija  ingkang
                   winadhahan  wonten  ing  MGMP  Bahasa  Jawa  SMA/MA/SMK  Kabupaten  Cilacap  saged
                   ngrampungaken  jejibahan  nyerat  utawi  ngrakit  buku/LKS  Bahasa  Jawa  kagem  tataran
                   SMA/MA/SMK kanthi rancag mboten wonten rubeda setunggal punapa.

                         Pangrakiting  buku/LKS  menika  sampun  kacundhukaken  kaliyan  Kurikulum  2013.
                   Wondene reraciking pamucalan sampun kajumbuhaken kaliyan kaprigelan basa tuwin sastra
                   ingkang  mawi  lelandhesan  Basa  Jawa  dhialek  Banyumasan.  Salebeting  buku/LKS  menika
                   sampun ngemot pasinaon kanthi modhel saintifik.

                         Pangripta anggadhahi pangajab, kanthi buku punika mugi ndadosaken para siswa sami
                   remen lan langkung gampil anggenipun nyinau basa Jawi. Ugi kagem para dwija basa Jawi,
                   sageda  buku/LKS  punika  pinangka  lelandhesan  lan  gondhelan  anggenipun  anggegulang
                   siswa ing babagan basa Jawi.

                         Wasana pandangon lan panyaruwe sanget kaantu-antu saking para sumitra lan para
                   nimpuna murih sampurnaning buku/LKS punika.

                         Nuwun.

                                                                                              Pangripta










                          1.  Naely Dewi, S. Pd.                   8. Eko Sugiharti, S. Pd.
                          2.  Ening  Insiyati, S. Pd.              9. Akalili A. Y.S. K, S. Pd.
                          3.  Astika Ratna, S. Pd.                 10.Sariah, S. Pd
                          4.  Charissa S. A, S. Pd.                11. Sigit Nurhidayat, ST.
                          5.  Galih Prawita, S. Pd.                12. Kasiman, S. Pd.
                          6.  Farkhatun Z, S. Pd.                  13. Dhidhik Budiarto, S. Pd.
                          7.  Niken Annisa, S. Pd.


                    ai= z/s su= tuld, ai= mf- mzunK/s, tut|Wri

                                                       anFyni










                             2         BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   1   2   3   4   5   6   7