Page 7 - MODUL 1
P. 7

SINOM 3
                      (Wedhatama, Mangkunagara IV)

                      Saben mendra saking wisma
                      lelana laladan sepi
                      ngingsep sepuhing supana
                      mrih pana pranaweng kapti
                      titising tyas marsudi
                      mardawaning budya tulus
                      mesu reh kasudarman
                      neng tepining jalanidhi
                      sruning brata kataman wahyu jatmika.

                      GANCARAN (Jawa)
                      Saben  metu  saka  omah,  tumuju  ing  papan  sepi  adoh  saka  hawa  napsu,  mersudi
                      ngelmu luhur, supaya cetha kang dadi gegayuhaning urip. Ati kudu duwe tekad tansah
                      ngupadi kanthi tekun, marsudi akal pikiran lan ngendhaleni rasa tresna asih, mapan ing
                      tepining samodra ngajak entuk kanugrahan saka Gusti.

                      PROSA (Indonesia)
                      Setiap  pergi  meninggalkan  istana.  Berkelana  ke  tempat  sunyi.  Mencari  pelbagai
                      tingkatan ilmu yang baik. Agar tercapai yang dituju. Maksud hati mencapai. Kelembutan
                      hati yang utama. Memeras kemampuannya dalam hal menghayati cinta kasih. Di tepi
                      samodra. Kerasnya atau genturnya bertapa mendapatkan wahyu atau anugerah Illahi’.



                    1.  Paugerane tembang Sinom ing dhuwur yaiku
                         guru gatra          : 9
                         guru wilangan       : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
                         guru lagu           : a, i, a, i, i, u, a, i, a

                    2.  Tembang macapat Sinom ing dhuwur nduweni watak grapyak, renyah, semangat,
                         luwes, gampang srawung.
                    3.  Tembung-tembung lan tegese
                         nulada              : nirua
                         laku utama          : tumindak kang becik
                         pasamuan            : pasrawungan (pertemuan)
                         mangsa              : wektu, wayah
                         lelana              : ngumbara, lelungan
                         teki-teki           : tapa brata
                         nggayuh             : nggayuh, nggoleki
                         kayun               : urip
                         eninging tyas       : weninging ati
                         sanityasa           : tansah (selalu)
                         nendra              : turu
                         mendra              : metu, lunga
                         wisma               : omah
                         ngingsep            : nggolek
                         sepuhing supana     : ngelmu luhur, ngelmu kang utama


                                                                                           7
                               BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12