Page 22 - Bahan ajar crita rakyat
P. 22

Dheweke  mung  ngetutake

                                                       menyang  ngendi  wae  manuk  iku

                                                       mabur.  Ora  sadar,  Joko  Bandung

                                                       wis metu desa kanggo nututi manuk


                                                       nganti tekan Desa Cabean. Manuk

                                                       sing di buru Joko Bandung mau lagi

                                                       mencok  ing  pang  paling  dhuwur

                                                       saka wit randu alas.


               Ora adoh saka wit iku ana omahe Ki Wiro, wong tuwa ing desa kono.

        Dheweke ngerti, amarga wis bola-bali liwat omah iku, nanging ora tau mandheg


        lan ketemu karo Ki Wiro. Wektu iki Joko Bandung kepengin mampir ing omahe

        Ki  Wiro,  amarga  saka  omahe  Ki  Wiro  Joko  Bandung  bisa  gampang  nonton

        manuke.



















        20 | S M P   K E L A S   V I I
   17   18   19   20   21   22   23   24   25   26   27