Page 24 - Bahan ajar crita rakyat
P. 24
Wengi wis surup. Joko Bandung
ngawasi wit kapuk sing mung katon
ireng. Nanging dheweke ngerti yen
manuk kasebut isih ana ing kono.
Dheweke banjur kelingan nalika
sepisanan ndeleng praupane Kunti,
Joko Bandung dadi deg-degan sing
durung tau dirasakake, sanajan
dheweke kerep ketemu karo wanita
ayu.
Awang-awang ing wetan wus malih abang, pratandha yen srengenge esuk
wis njedhul. Manuk kang mencok ing dhuwur wit randu banjur mabur lan
ditututi dening Joko Bandung. Nganti tekan ing pinggir alas, manuk kasebut
mandheg ing wit kang mapan ing pinggir jurang. Joko Bandung wis kesel, banjur
njupuk gandhewo lan ngarahake. Ananging manuk mau mabur, lan nyemplung
ing dhasaring jurang.
22 | S M P K E L A S V I I