Page 27 - Bahan ajar crita rakyat
P. 27
Sawijining dina kunti matur menyang Ki Wiro menawa dheweke gelem
dijodohake karo Bandung kanthi syarat Bandung kudu gawe sumur cacahe pitu
kang ora bisa asat sawayah-wayah ing desa iku, supaya masyarakat bisa luwih
gampang anggone ngombe, masak, lan liya-liyane.
Mangerteni syarat kang dijaluk Kunti, Joko Bandung dadi bingung.
Panjaluke Kunti pancen angel diwujudake, nanging amarga rasa tresnane.
Sumber pitu kudu rampung bengi iku. Akhire dheweke nekad nggawe 7 sumber
bengi iku. Ora preduli ing wayah wengi, kanthi nganggo tangane dhewe
dheweke ndhudhuk lemah. Kringet mili dleweran ing awak, nanging ing kono
ora nemokake sumber banyu.
25 | S M P K E L A S V I I