Page 23 - Bahan ajar crita rakyat
P. 23

Joko  Bandung  banjur  mampir  ing  omahe  Ki  Wiro,  dheweke  ditampa

        dening Ki Wiro lan garwane. Ki Wiro nyawang Joko Bandung saka sirah nganti

        sikil.  Joko  Bandung  banjur  ngandharake  kenangapa  dheweke  mampir  ing

        omahe Ki Wiro yaiku kepingin nginep, dheweke kapingin mburu manuk kang


        endah banget wernane, lan manuk iku mau mencok ana ing nduwur wit kapuk

        kang ana ing ngarep omahe Ki Wiro.


                Sorot sore isih sumunar ing pucuking wit kapuk, nanging malah manuke

        wis ora obah saka panggonane. Joko Bandung katon tansah ngawasi manuk mau,

        ora let suwi lawang omah mbukak saka njero, ana bocah wadon kang nggawa

        pasugatan kanggo dheweke. Joko Bandung ora nyana ketemu wong wadon ayu,


        ing omahe Ki Wiro. Ki Wiro sing weruh Joko Bandung mesem, malah ngguyu.

        Ki  Wiro  banjur  njelasake  yen  jenenge  bocah  mau  Kunti,  anak  siji-sijine  Ki

        Wiro.  Raine  lan  kulite  resik  banget,  beda  karo  masyarakat  desa  umume.

        Rambute, lakune, cara ngladeni panganan, beda banget.

















        21 | S M P   K E L A S   V I I
   18   19   20   21   22   23   24   25   26   27   28