Page 26 - Bahan ajar crita rakyat
P. 26

Joko  Bandung  kepengin  enggal-enggal  ngandharake  apa  kang

        dirasakake  marang  Ki  Wiro.  Ananging  luwih  dhisik  dheweke  matur  yen

        sejatine  dheweke  iku  putrane  Prabu  Pengging  kang  lagi  nindakake  tapa

        ngrame. Dheweke kepingin nggarwa Kunti. Kunti kaget banget. Dheweke kaya


        disamber bledheg nalika krungu maksude Joko Bandung.


                Kabeh wis mangerteni yen Joko Bandung iku mujudake joko sing gagah

        lan nggantheng, uga nduweni karisma lan kawibawan. Iku uga bisa dirasakake

        dening Kunti. Dene dheweke mung bocah desa sing adoh saka tatanan sosial

        kutha, lan urip ing mangsa ngarep sing ora bisa dibayangake sanajan ing uripe.

        Kunti sansaya bingung. Dheweke mung bisa nangis ing kamare. Swasana sing

        sepi  ndadèkaké  suwara  tangisé  keprungu  ing  kupingé  Joko  Bandung  lan  Ki

        Wiro. Joko Bandung sansaya bingung lan wedi marang Ki Wiro, nanging Ki Wiro


        katon ayem.






















        24 | S M P   K E L A S   V I I
   21   22   23   24   25   26   27   28   29   30   31