Page 1 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 1

LAYANG


            Mbabar Wawasan


                    Coba semaken tuladha layang ing ngisor iki!


                                                          Sidoarjo, 20 Oktober 2015
                                                          Katur dhumateng
                                                          Eyang Prawirodimeja
                                                          Wonten ing Madiun.

                           Nuwun,
                           Kanthi  serat  punika  keng  wayah  ngaturaken  sembah  sungkem
                      dhumateng ngarsanipun Eyang sekaliyan wonten ing Madiun. Boten kesupen
                      keng  wayah  ugi  ngaturaken  kabar  bilih  keng  wayah  wonten  ing  Sidoarjo
                      tansah ginanjar wilujeng, nir ing sambekala pikantuk berkahing Gusti Kang
                      Maha  Asih.  Mugi-mugi  Eyang  sekaliyan  saha  sedaya  keluarga  wonten  ing
                      Madiun makatena ugi, Amin.
                           Kajawi  saking  punika  keng  wayah  atur  kabar  bilih  sapunika  keng
                      wayah kanthi pandonganipun Eyang kekalih sampun kasil minggah kelas 8
                      SMP wonten ing Sidoarjo. Sakedhap malih ”pembelajaran” semester ganjil
                      ndungkap purna. Keng wayah nyuwun pandonganipun Eyang kekalih, mugi-
                      mugi rapor kula samangke pikantuk biji ingkang sae.
                           Eyang Kakung saha Eyang Putri ingkang kula pundi, ngendikanipun
                      Bapak saha Ibu, kula mangke manawi biji rapor kula sae kepareng sowan
                      dhateng  Madiun  kanthi  ngginakaken  kreta  ”Sancaka”  jurusan  Surabaya  –
                      Ngayogjakarta.  Wekdal  kula  liburan  udakara  wulan  Desember  tanggal  24
                      ngantos  minggu  sepindhah  ing  wulan  Januari,  mugi  Eyang  kekalih  saged
                      nampi keng wayah kanthi renaning penggalih.
                           Kula kinten cekap semanten atur kula, mbokbilih wonten keladuking
                      atur saha kirang duga, keng wayah nyuwun agunging samodra pangaksami.
                      Nuwun.
                                                            Keng Wayah



                                                            Nanang Wijaya





            Sawise koksemak, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
                1.  Apa wae jinis layang sing kokngerteni?
                2.  Layang ing dhuwur kalebu jinis layang apa?
                3.  Apa isine layang kasebut?
                4.  Layang apa sing tau koktulis? Marang sapa?
                5.  Apa isine layang sing tau koktulis?
   1   2   3   4   5   6