Page 9 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 9

LAYANG PRIBADI

                                 Ingkang putra
                     .........

                                 Kajawi saking punika ,kula ugi ngaturi pirsa bilih kang putra
                                 sampun angsal padamelan ing pabrik garmen. Pramila kang
                                 putra nyuwun tambahing donga pangestu mugi-mugi anggen
                     .........   kula  nyambut  damel  saged  lancar.  Ing  wulan  punika  kang
                                 putra dereng saged wangsul amargi taksih dados karyawan
                                 enggal.  Mugi-mugi  wulan  ngajeng  kula saged  wangsul
                                 nuweni bapak kaliyan ibu
                                 Sembah pangabekti kula katur bapak saha ibu ing Ngawi
                     .........
                                 Triana Pinuji Lestari
                     .........

                                 Nuwun wiyosipun keparenga kula atur uninga bilih kula ing

                     .........   Surabaya ginanjar sehat. Mugi-mugi bapak saha ibu ginanjar
                                 wilujeng ugi.
                                 Sawetawis cekap semanten layang saking kula. Menawi

                                 wonten  wekdal  kula  tengga  serat  balesan  saking  bapak.
                     .........
                                 Wasana menawi wonten klentune atur kang putra nyuwun
                                 pangapunten
                                 Surabaya, 31 Desember 2015
                     .........



            Tugas 2 : Mbenerake Tata Tulis Layang Kiriman

                    Nulis layang mono kudu nggatekake wewaton. Kaya sing wis diandharake
            ing wulangan sadurunge ngenani perangan, unggah-ungguh basa, lan tandha waca.
            Ing tugas 2 iki para siswa bakal diwenehi tuladha layang kiriman ananging tata
            tulise  isih  akeh  sing  kliru.  Tugase  para  siswa  kudu  mbenerake  tata  tulisan  mau
            kanthi adhedhasar wewaton sing wis ana.
            Carane mbenerake tata tulisan layang:
                  1.  Njingglengi tata tulis sing kliru, bisa awujud aksara, jeneng, panganggone
                     unggah-ungguh basa utawa tandha wacane.
                  2.  Mbenerake tata tulis sing kliru mau manut wewaton sing wis ana.
   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14