Page 14 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 14

Supaya  luwih  gamblang,  paugeran-paugeran  saben  tembang  macapat
                 kang cacahe ana 11 (sewelas) iku bisa kogatekake ing tabel iki.

                 Tembang Macapat iku cacahe ana 11 (sewelas), dene jeneng-jenenge tembang
                 Macapat lan paugerane kaya kasebut ing ngisor iki :

                       Jenenge                 Guru gatra, Guru wilangan lan Guru lagu
               No
                       tembang       I    II   III    IV    V    VI   VII   VIII   IX    X
               1    Maskumambang    12i   6a    8i    8a
               2    Pucung          12u   6a    8i   12a
               3    Megatruh        12u   8i   8u     8i    8o
               4    Gambuh          7u   10u   12i    8u    8o
               5    Mijil           10i   6o   10e   10i    6i   6u
               6    Kinanthi        8u    8i   8a     8i    8a    8i
               7    Durma           12a   7i   6a     7a    8i   5a    7i
               8    Pangkur         8a    11i   8u    7a   12u   8a    8i
               9    Asmaradana       8i   8a   8e     8a    7a   8u    8a
               10   Sinom           8a    8i   8a     8i    7i   8u    7a    8i    12a
               11   Dhandhanggula   10i   10a   8e    7u    9i   7a    6u    8a    12i
                                                                                         7a

                Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

                           DHANDHANGGULA


                    Jungkat siti panggaraping sabin,
                   laku saru datan ilok tenan,
                   tadhah udan sing ginawe,
                   den ilangana  sampun,
                   awit iku kang dadi ciri,
                   tumrap manungsa gesang,
                   awon dadosipun,
                   lamun saru trus binekta,
                   iki jeneng nistha kang tanpa upami,
                   tan pinercayeng liyan.

                    Saka tembang ing dhuwur bisa dijupuk dudutan paugerane tembang
                   macapat Dhandhanggula, yaiku:
                    guru gatra             10
                    guru wilangan        : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
                    guru lagu            : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
   9   10   11   12   13   14   15   16   17   18   19