Page 13 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 13

Nilai-nilai  budi pakarti  iku  antarane  yaiku  tepa  slira,  wani tumindak bener,
            tanggung  jawab,  jujur,  ngurmati  marang  sasama,  andhap  asor,  sopan,  sregep,
            duwe rasa isin, sabar, lan sapanunggalane. Ing karya sastra Jawa akeh ditemokake
            babagan  piwulang  budi  pakarti  salah  sijine  yaiku  lumantar  tembang  macapat.
            Kajaba  kepenak  dilagokake  kanggo  panglipur,  tembang  macapat  iku  manawa
            didhudhah  isine  pranyata  uga  ngandhut  pitutur  luhur.  Saka  sakehing  tembang
            macapat  kang  digunakake  kanggo  mbabar  pitutur  luhur  mau,  salah  sijine  yaiku
            tembang Dhandhanggula.
                 1.  Apa kowe wis tau krungu tembang macapat Dhandhanggula?
                 2.  Apa kowe wis tau nembang macapat Dhandhanggula?
                 3.  Kepriye carane nggonmu gladhen nembang Dhandhanggula?
                 4.  Miturut panemumu tembang Dhandhanggula kuwi gampang apa angel?



               Kegiatan 1: Wangun Teks Tembang Dhandhanggula

            Tugas 1:  Nyemak Struktur Teks Tembang Dhandhanggula.

                     Tembang macapat iku minangka salah siji wujud tembang tradhisional ing
                 tlatah Jawa. Diarani macapat amarga olehe nembangake pedhotane 4-4, uga
                 ana kang ngandharake manawa macapat iku saka tembung ma + cepat, iki
                 amarga  manawa  nembangake  macapat  mung  rerikatan  bae,  ora  nganggo
                 wiledan utawa elak-eluking swara kang njalari dadi suwene. Tembang macapat
                 kalebu  tembang  tradhisional,  amarga  kaiket  ing  aturan/paugeran  tartamtu.
                 Paugeran-paugeran jroning tembang macapat, yaiku:
                 1)  Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada.
                     Cethane, saben sapada (satembangan) tembang macapat apa bae wis di
                     tentokake cacahing gatrane.
                 2)  Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra.
                     Cethane,  saben  gatra/larik  tembang  macapat  apa  bae  wis  ditemtokake
                     cacahing wandane
                 3)  Guru lagu yaiku tibaning swara/dhong-dhinging swara ing pungkasaning
                     gatra.
                     Cethane,  saben  gatra/larik  tembang  macapat  apa  bae  wis  ditemtokake
                     tibaning swara ing pungkasaning gatra mau, bisa a, i, u, e, utawa o.
   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17   18