Page 15 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 15

Bausastra





                           jungkat siti   : garu
                           sabin         : sawah
                           saru          : ora pantes
                           awon (ki)     : elek, nistha, asor
                           gesang (ki)   : urip
                           lamun         :  yen ta
                           binekta (ki)   : digawa
                           pinercayeng  : dipercaya ing
                           wiledan       : cengkok (BI)
                           pada          : (BI: bait)
                           gatra         : (BI: baris)
                           wanda         : (BI: suku kata)








               Gladhen :
                    Gatekna tembang rong pada ing ngisor iki :
                           Pada 1 :
                               Lire lalabuhan tri prakawis,
                               Guna bisa saniskareng karya,
                               Binudi dadi unggule,
                               Kaya sayektinipun,
                               Duk mbantu prang Manggada nagri,
                               Amboyong putri dhomas,
                               Katur ratunipun,
                               Purune sampun tetela,
                               Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
                               Suwanda mati ngrana.

                           Pada 2 :
                               Bapak pucung dudu watu dudu gunung
                               Dawa kaya ula
                               Ancik-ancik wesi miring
                               Yen lumaku si pucung ngumbar suwara.
   10   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20