Page 19 - bahasa Jawa kelas 8 sem 2_Neat
P. 19

Tugas 4 : Nintingi Pesen Moral Tembang Dhandhanggula
                  Tembang macapat bisa kagunakake kanggo sarana medhar gagasan werna-
            werna. Wiwit medharake ilmu pengetahuan lan teknologi, tuntunan tata kaprajan,
            ulah tetanen, nganti pitutur luhur kanggo ngundhakake budi pakarti. Kabeh iku bisa
            diwedharake lumantar tembang macapat.
                  Saka tembang Dhandhanggula pethikan serat Nayakawara ing tugas 3, sawise
            dimangerteni isine kanthi digancarake, banjur bisa dijupuk nilai moral sing kamot,
            yaiku pitutur luhur kang isine manawa wong urip iku kudu gelem tumindak becik,
            ngerti ing babagan ukum lan duwe tatakrama supaya uripe tansah slamet.

            Gladhen :
                 Tembang  Dhandhanggula  ana  gladhen  tugas  3  sing  wis  kokgancarake  ing
                 dhuwur iku, pitutur luhur apa kang kinandhut ing tembang Dhandhanggula iku?

            Tugas 5 Nyemak Unsur Basa Sajrone Tembang Macapat
                  Tembang macapat iku mujudake karya sastra kang basane endah satemah
            kepenak ditembangake apadene dirungokake. Basa endah kuwi uga bisa diarani
            basa  rinengga.  Dene  endahing  basa  kasebut  ing  antarane  bisa  katitik  saka
            panganggone tetembungan ing tata rakitaning ukara.
            Gatekna tembang macapat Dhandhanggula ing ngisor iki:

                 Wus andungkap kalamangsa ari,
                 putra tutug nilar pawiyatan,
                 lilanana tur pamite,
                 ngudi undhaking ngelmu,
                 linampahan tri warsa yekti,
                 pinasrah ing wusana,
                 wangsul rama ibu,
                 mugi tan gawe kuciwa,
                 mring sudarma dwija miwah negari,
                 kusuma nusa bangsa.

                  Tembang kasebut cakepane satemene bisa digawe nganggo basa padinan.
            Ananging  pamilihe  tembung  ora  mung  nggunakake  basa  padinan  supaya  dadi
            endah. Kayata:
                 nggolek    : ngudi
                 telu       : tri
                 taun       : warsa
                 wong tuwa : sudarma
   14   15   16   17   18   19   20   21   22   23   24